Langsung mlebu

Péta Alkitab

Péta Alkitab

Buku ’Lihatlah Negeri yang Baik’ kuwi péta Alkitab sing lengkap sing bermanfaat dienggo sinau Alkitab. Liwat buku iki, njenengan isa mbayangké lan ngerti persisé panggonan, kutha, lan negara sing disebutké ing Alkitab. Dadi, njenengan isa luwih paham soal peristiwa sing disebutké ing Alkitab.

Ing buku ’Lihatlah Negeri yang Baik’ iki ana péta, tabèl, diagram, lan gambar-gambar liyané bèn sinau Alkitab dadi luwih nyenengké. Kuwi kabèh berwarna.

Liwat péta Alkitab iki, njenengan isa ngerti

  • dalan sing diliwati Abraham, Ishak, lan Yakub

  • dalan sing diliwati bangsa Israèl saka Mesir ing Tanah Perjanjian

  • dhaérahé bangsa Israèl lan mungsuh-mungsuhé

  • dhaérah sing tau ditekani Yésus pas ing bumi

  • dhaérahé kerajaan-kerajaan sing disebutké ing Alkitab, kaya Babilon, Yunani, lan Roma

Péta Alkitab iki gratis. Njenengan isa mbukak ing PERPUSTAKAAN ONLINE Menara Pengawal.