Langsung mlebu

Vidéo Ajaran ing Alkitab

Ing vidéo-vidéo iki ana keterangan soal ajaran ing Alkitab, misalé: Ngapa kok Gusti Allah nyiptakké bumi? Nèk mati kuwi piyé? lan Ngapa kok isih ana kesusahan nganti saiki?

Apa Alam Semesta Diciptakké?

Ana akèh wong sing salah paham karo keterangan ing Alkitab soal alam semesta. Sakjané, keterangan ing Alkitab soal alam semesta kuwi isa dipercaya apa ora?

Apa Gusti Allah Kuwi Ana Tenan?

Buktiné nèk Gusti Allah mémang ana tenan.

Apa Gusti Allah Nduwé Jeneng?

Gusti Allah nduwé akèh sebutan. Misalé, Mahakuwasa, Pencipta, lan Gusti. Vidéo iki mbahas jenengé Gusti Allah sing ditulis luwih saka ping 7.000 ing Alkitab.

Apa Njenengan Isa Dadi Kancané Gusti Allah?

Kèt mbiyèn manungsa péngin kenal karo Sing Nggawé Urip. Nèk sinau Alkitab, njenengan isa dadi kancané Gusti Allah. Bèn isa dadi kancané kudu ngerti jenengé sik.

Sapa Sing Ngarang Alkitab?

Nèk sing nulis manungsa, kenapa Alkitab disebut ”omongané Gusti Allah”? Sapa sing ngarang Alkitab?

Apa Buktiné Nèk Isiné Alkitab Kuwi Bener?

Nèk Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah, Alkitab mesthi béda karo buku-buku liyané.

Ngapa Gusti Allah Nggawé Bumi?

Bumi iki apik banget. Jaraké saka matahari pas, kemiringané pas, terus kecepatan mubengé ya pas. Ngapa kok Gusti Allah nggawé bumi apik banget?

Kenapa Awaké Dhéwé Diciptakké?

Gatèkna carané bèn uripé awaké dhéwé isa bener-bener bahagia lan ana tujuané.

Piyé Keadaané Wong Mati?

Alkitab janji nèk akèh wong bakal diuripké manèh kaya Lazarus.

Apa Wong Jahat Disiksa ing Neraka?

Ing Alkitab dijelaské nèk ”Gusti Allah kuwi katresnan”. Mula, Dhèwèké ora bakal nyiksa wong ing neraka.

Apa Yésus Kristus Kuwi Gusti Allah?

Apa Yésus Kristus kuwi Gusti Allah? Utawa, Yésus Kristus karo Gusti Allah kuwi béda?

Ngapa Yésus Kudu Mati?

Yésus mati kanggo nebus dosané awake dhéwé. Ning, apa pengorbanané wong siji isa dienggo nebus dosané wong akèh?

Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

Pas ing bumi, Yésus kerep ngandhani wong-wong soal Kerajaané Gusti Allah. Murid-muridé ya ndongakké bèn Kerajaan kuwi teka.

Kerajaané Gusti Allah Mulai Mréntah Taun 1914

Luwih saka 2.600 taun mbiyèn, ana raja sing éntuk mimpi saka Gusti Allah sing isiné ramalan. Ramalan kuwi wis kelakon saiki.

Keadaan Donya Kèt Taun 1914

Keadaan donya lan sipaté wong-wong kèt taun 1914 dadi bukti nèk iki wis ”akhir jaman”.

Apa Bencana Alam Kuwi Hukuman saka Gusti Allah?

Ing Alkitab dijelaské nèk bencana alam kuwi dudu hukuman saka Gusti Allah.

Ngapa Uripé Manungsa Saiki Susah?

Ing Alkitab dijelaské jawabané.

Ibadah Endi sing Ditampa Gusti Allah?

Akèh wong percaya nèk kabèh agama kuwi apik.

Apa Gusti Allah Seneng Disembah Nganggo Patung?

Nèk nganggo patung pas ngibadah, apa kuwi isa nggawé luwih cedhak karo Gusti Allah?

Apa Gusti Allah Ngrungokké Dongané Kabèh Wong?

Piyé nèk wong ndonga mung kanggo kepentingané dhéwé? Piyé nèk ana wong lanang sing nganiaya bojoné, ning sésuké ndonga njaluk diberkahi?

Menurut Gusti Allah, Piyé Bèn Suami Istri Isa Bahagia?

Gusti Allah péngin suami istri bahagia. Ing Alkitab ana saran-saran sing bermanfaat.

Menurut Gusti Allah, Apa Ndelok sing Saru-Saru Kuwi Dosa?

Ing Alkitab ana keterangan apa? Piyé perasaané Gusti Allah nèk awaké dhéwé ndelok sing saru-saru?