Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | PERKAWINAN

Piyé Nèk Bojoné Njenengan Marahi Jèngkèl?

Piyé Nèk Bojoné Njenengan Marahi Jèngkèl?
  •   Njenengan seneng nèk kabèh-kabèh direncanakké sik, tapi bojoné njenengan ora.

  •   Njenengan wongé anteng lan menengan, tapi bojoné njenengan seneng ngomong.

 Apa ana sifaté bojoné njenengan sing marahi njenengan jèngkèl? Nèk terus-terusan jèngkèl, mengko isa dadi ora akrab manèh. Menurut Alkitab, ”wong sing terus ngomongké soal pelanggaran kuwi nggawé kanca akrab dadi ora rukun manèh”.​—Wulang Bebasan 17:9.

 Bèn ora dadi masalah, kudu mikirké nèk sifat kuwi ya ana apiké.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Carané bèn ora terus-terusan jèngkèl

 Meskipun sifaté marahi jèngkèl, isa waé kuwi sing marahi njenengan seneng karo dhèwèké. Contoné:

 ”Bojoku kuwi nèk mèh nggarap apa-apa suwé. Terus, nèk siap-siap mèh lunga ya suwé. Tapi, dhèwèké ya sabar. Meskipun kadhang aku dadi jèngkèl, tapi sakjané kuwi sing marahi aku sayang karo dhèwèké.”​—Chelsea.

 ”Bojoku kuwi senengé kabèh-kabèh diatur. Ya, kadhang aku jèngkèl. Tapi, dhèwèké ki wongé tliti.”​—Christopher.

 ”Kadhang aku jèngkèl nèk bojoku kétoké cuèk. Tapi sakjané, mbiyèn aku seneng karo dhèwèké merga dhèwèké ki wongé santai. Dhèwèké isa tetep tenang meskipun lagi ana masalah.”​—Danielle.

 Kaya sing dialami Chelsea, Christopher, lan Danielle, isa waé sifat sing marahi njenengan jèngkèl kuwi ya sing marahi njenengan sayang karo bojoné njenengan. Makané aja mung ndelok èlèké thok.

 Mémang, ana sifat-sifat sing blas ora ana apiké, contoné ana ”wong sing gampang nesu”. (Wulang Bebasan 29:22) Menurut Alkitab, wong kuwi kudu berusaha bèn aja nganti ”dendam, nesu, ngamuk, nggetak-nggetak, ngrèmèhké”. aÉfésus 4:31.

 Tapi nèk kuwi mung marahi jèngkèl, ana saran sing apik ing Alkitab, ”Senajan ana alesan kanggo tersinggung, kowé kudu terus sabar.”​—Kolose 3:13.

 Malah, njenengan isa mikir nèk sifat kuwi ya ana apiké, sing mungkin mbiyèn marahi njenengan seneng karo dhèwèké. Joseph ngomong, ”Nèk mung mikirké èlèké kuwi padha karo mung nggatèkké bagéan sing lancip saka berlian, tapi ora nggagas nèk berlian kuwi apik banget.”

 Apa sing isa dirembug

 Pertama, njenengan isa njawab pertanyaan-pertanyaan iki dhéwé-dhéwé. Bar kuwi, njenengan isa ngrembug jawabané bareng-bareng.

  •   Apa ana sifaté bojoné njenengan sing marahi jèngkèl? Nèk ana, apa kuwi?

  •   Apa kuwi mémang ora sesuai karo Alkitab, utawa sakjané mung marahi jèngkèl?

  •   Apa sifat kuwi ya ana apiké? Nèk iya, apa kuwi? Ngapa kok njenengan seneng sifat kuwi?