Kabar Apik saka Gusti Allah!

Kabar apik bab apa saka Gusti Allah? Kena apa kita bisa percaya? Buku iki njawab pitakonan-pitakonan umum saka Alkitab.

Cara Nggunakaké Buku Iki

Panjenengan bisa sinau langsung saka Alkitab nganggo buku iki. Ayat sing dicétak miring perlu diwaca ing Alkitab.

PELAJARAN 1

Kabar Apik bab Apa?

Golèkana kabar apik bab apa saka Gusti Allah, kena apa iku penting, lan apa sing kudu ditindakaké.

PELAJARAN 2

Sapa Gusti Allah Kuwi?

Apa Gusti Allah nduwé asma lan nresnani manungsa?

PELAJARAN 3

Apa Kabar Apik Kuwi Bener saka Gusti Allah?

Apa buktiné yèn isiné Alkitab isih kaya asliné?

PELAJARAN 4

Sapa Yésus Kuwi?

Kena apa Yésus kudu séda, apa tebusan iku, lan apa sing ditindakaké Yésus saiki? Golèkana jawabané.

PELAJARAN 5

Apa Kersané Gusti Allah kanggo Bumi lan Uripé Manungsa?

Alkitab ngandhani apa sebabé Gusti Allah nggawé bumi, kapan kasusahan bakal ora ana manèh, lan kepriyé kahanan bumi mbésuk lan wong-wong sing urip ing kono.

PELAJARAN 6

Apa Wong Mati Bisa Urip Manèh?

Yèn manungsa mati, banjur kepriyé? Apa awaké dhéwé bisa ketemu manèh karo wong sing wis mati?

PELAJARAN 7

Apa Kratoné Gusti Allah Iku?

Sapa sing dadi Raja ing Kratoné Gusti Allah, lan apa sing bakal diwujudaké déning Kraton iku?

PELAJARAN 8

Kena Apa Tumindak Jahat lan Kasusahan Isih Ana Nganti Saiki?

Kepriyé tumindak jahat bisa ana, lan apa sebabé Gusti Allah durung tumindak? Apa kasusahan bakal ana entèké?

PELAJARAN 9

Kepriyé Carané Urip Bebojoan Bisa Ayem Tentrem?

Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahamulya, kepéngin kulawarga ayem tentrem. Ana wejangan kanggo bapak, ibu, wong tuwa, lan bocah-bocah. Wacanen ing Alkitab.

PELAJARAN 10

Ibadah Endi sing Ditampa Gusti Allah?

Ibadah sing ditampa Gusti Allah apa mung siji? Gatèkna tandhané wong sing ibadahé bener. Cacahé ana lima.

PELAJARAN 11

Apa Gunané Pathokan-Pathokané Alkitab kanggo Manungsa?

Yésus nerangaké alesané manungsa perlu tuntunan lan rong pathokané Alkitab sing paling penting.

PELAJARAN 12

Kepriyé Carané Dadi Kancané Gusti Allah?

Apa Gusti Allah nampa dongané kabèh wong? Kepriyé carané ndonga sing bener? Kepriyé panjenengan bisa dadi kancané Gusti Allah? Golèkana jawabané.

PELAJARAN 13

Kepriyé Dadiné Agama-Agama Mbésuk?

Apa kabèh wong ing donya bakal dadi siji ngibadah mung karo Yéhuwah?

PELAJARAN 14

Kena Apa Gusti Allah Ngumpulaké lan Ngatur Umaté?

Alkitab ngandhani alesané lan carané wong Kristen sejati dikumpulaké lan diatur.

PELAJARAN 15

Kena Apa Panjenengan Kudu Terus Sinau Alkitab?

Kepriyé carané kabèh sing disinaoni bab Gusti Allah lan Alkitab ana gunané kanggo liyané? Yèn terus sinau Alkitab, panjenengan bisa dadi apané Gusti Allah?