Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 20

Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan

Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan

INTINÉ BAB IKI

Nduduhké sipat Kristen yaiku tresna wektu ana bencana

1, 2. (a) Kasusahan apa sing diadhepi wong Kristen ing Yudéa? (b) Piyé para sedulur ing Yudéa ngrasakké katresnan sing diduduhké para seduluré ing Antiokhia?

 KIRA-KIRA taun 46 M, nèng Yudéa lagi ana kurang pangan. Wong Kristen Yahudi ing Yudéa ora mampu tuku bahan pangan merga regané larang banget. Para muridé Yésus ing kana kaliren lan uripé susah. Ning, wong-wong Kristen kuwi bakal ngrasakké pangayomané Yéhuwah sing durung tau dirasakké muridé Yésus liyané. Piyé ceritané?

2 Wong-wong Kristen Yahudi lan dudu Yahudi ing Antiokhia Siria, ngerti kasusahan sing dialami para seduluré ing Yérusalèm lan Yudéa. Mula wong-wong Kristen kuwi nglumpukké sumbangan kanggo wong-wong Kristen sing ngadhepi kasusahan. Barnabas lan Saul dipilih kanggo ngeterké bantuan kuwi marang pinituwa nèng Yérusalèm. (Wacanen Para Rasul 11:27-30; 12:25.) Bayangna perasaané para sedulur ing Yudéa sing trenyuh merga katresnan sing diduduhké para seduluré ing Antiokhia.

3. (a) Piyé umaté Allah saiki niru tuladhané para sedulur ing Antiokhia? Wènèhana conto. (Deloken uga kothak ” Bantuan Kemanusiaan Paling Gedhé sing Sepisanan”.) (b) Apa pitakonan-pitakonan sing bakal dirembug ing bab iki?

3 Kuwi kedadéan kapisan sing dicathet ing Alkitab bab wong Kristen sing ngirimké bantuan marang para seduluré sing manggon ing dhaérah liya. Awaké dhéwé saiki niru tuladhané para sedulur ing Antiokhia. Wektu ngerti para sedulur ing dhaérah liya ngalami musibah utawa bencana, awaké dhéwé mènèhi bantuan. a Bèn ngerti hubungané mènèhi bantuan kemanusiaan karo tugas suci sing awaké dhéwé tampa, ayo ngrembug telung pitakonan bab bantuan kemanusiaan: Apa sebabé bantuan kemanusiaan kuwi tugas suci? Apa tujuané mbantu pas ana bencana? Apa paédahé kanggo awaké dhéwé?

Nyedhiyakké Bantuan Kemanusiaan Kuwi Tugas Suci

4. Apa sing dikandhakké Paulus marang wong Korinta bab tugasé wong Kristen?

4 Ing suraté sing kapindho kanggo wong Kristen nèng Korinta, Paulus njelaské nèk wong Kristen nduwé tugas cacahé loro. Senajan suraté Paulus kuwi kanggo wong Kristen pilihan, ning pathokan ing surat kuwi uga isa ditrapké kanggo ”wedhus liyané”. (Yo. 10:16) Tugas suci sing kapisan yaiku ”ayahan [utawa, tugas] karukunan”. Kuwi ditindakké liwat gawéan nginjil lan mulang. (2 Kr. 5:18-20; 1 Tm. 2:3-6) Tugas kapindho yaiku mbantu sedulur seiman. Paulus kandha bab tugas kuwi ”ayahan ngladèni marang para suci”. (2 Kr. 8:4) Ukara ”ayahan karukunan” lan ”ayahan ngladèni marang para suci”, padha-padha nggunakké tembung ”ayahan” sing basa Yunaniné, yaiku di·a·ko·niʹa. Apa piwulangé?

5. Piyé Paulus nerangké nèk kabèh tugas ing jemaat kuwi tugas suci?

5 Merga nggunakké tembung Yunani sing padha kanggo tugas-tugas ing jemaat lan mènèhi bantuan kemanusiaan, Paulus nduduhké nèk rong tugas kuwi padha pentingé. Sakdurungé, Paulus kandha, ”Wujuding leladi iku rupa-rupa, nanging Gusti iku mung siji. Apadéné kang katindakaké iku manéka warna, . . . Nanging iki mau kabèh katindakaké déning Sang Roh siji iku uga.” (1 Kr. 12:4-6, 11) Dadi, Paulus nerangké nèk kabèh tugas ing jemaat kuwi tugas suci. b (Rm. 12:1, 6-8) Mula, Paulus ngrasa nèk kudu nyedhiyakké wektu kanggo ”ngladosi umaté Gusti Allah”.​—Rm. 15:25, 26, BJP.

6. (a) Kaya sing diterangké Paulus, ngapa bantuan kemanusiaan kuwi bagéan saka ibadah marang Yéhuwah? (b) Terangna piyé gawéan mbantu pas ana bencana ditindakké ing sakdonya. (Deloken kothak ” Wektu Ana Bencana!” kaca 214.)

6 Paulus mbantu wong-wong Kristen ing Korinta bèn paham nèk bantuan kemanusiaan kuwi bagéan saka tugas suci lan ibadah marang Yéhuwah. Paulus nerangké nèk wong Kristen nyedhiyakké bantuan kaya ngono ’merga setya marang Injilé Sang Kristus’. (2 Kr. 9:13, BJP) Mula, wong Kristen mbantu sedulur seimané merga péngin ngetrapké wulangané Kristus. Paulus nerangké nèk tumindak kanggo mbantu sedulur seiman kuwi bukti ”sih-rahmaté Gusti Allah kang lumubèr”. (2 Kr. 9:14; 1 Pt. 4:10) Bab nyedhiyakké bantuan kanggo para sedulur sing ngalami kasusahan, klebu nèk pas ana bencana, majalah The Watchtower 1 Desember 1975 kandha, ”Awaké dhéwé yakin tenan nèk Allah Yéhuwah lan Yésus Kristus nganggep penting tugas kuwi.” Cetha banget nèk mènèhi bantuan kemanusiaan kuwi salah siji tugas suci.​—Rm. 12:1, 7; 2 Kr. 8:7; Ib. 13:16.

Tujuan Bantuan Kemanusiaan

7, 8. Apa tujuan kapisan awaké dhéwé mbantu pas ana bencana? Terangna.

7 Apa tujuané awaké dhéwé mbantu pas ana bencana? Paulus njawab pitakonan kuwi ing suraté sing kapindho marang wong Korinta. (Wacanen 2 Korinta 9:11-15.) Ing ayat-ayat kuwi, Paulus nyebutké telung alesan, utawa tujuan utama ngapa awaké dhéwé nyedhiyakké bantuan kemanusiaan. Ayo digatèkké alesané.

8 Kapisan, tugas kuwi ngluhurké Yéhuwah. Ing limang ayat kuwi, Paulus bola-bali nyebutké bab Yéhuwah. Paulus kandha nèk bantuan kuwi ”pangucap sokur konjuk marang Gusti Allah” lan ”pamuji sokur marang Gusti Allah”. (Ayat 11, 12) Paulus uga kandha nèk upaya bantuan kemanusiaan nggawé wong Kristen ”ngluhuraké Gusti Allah” lan ngucap sokur marang ”sih-rahmaté Gusti Allah kang lumubèr”. (Ayat 13, 14) Akiré, Paulus nyimpulké omongané nganggo cara kandha, ”Puji sokur konjuk marang Gusti Allah.”​—Ayat 15; 1 Pt. 4:11.

9. Piyé pandhangané wong isa malih merga gawéan mbantu pas ana bencana? Wènèhana conto.

9 Kaya Paulus, umaté Allah saiki nganggep gawéan mbantu pas ana bencana kuwi kesempatan kanggo ngluhurké Yéhuwah lan wulangané. (1 Kr. 10:31; Tt. 2:10) Mbantu pas ana bencana isa ngowahi pandhangané wong bab Yéhuwah lan para Seksiné, sing mauné èlèk malih dadi apik. Contoné, ana wong wadon manggon ing dhaérah sing kena badai, dhèwèké masang tandha ing lawang omahé sing tulisané ”Ora Nampa Seksi-Seksi Yéhuwah”. Ing sawijiné dina, dhèwèké ndelok ana wong-wong sing lagi ndandani salah siji omah ing ngarep omahé. Sakwisé pirang-pirang dina nggatèkké, akiré dhèwèké nggolèk katrangan sapa sakjané wong-wong kuwi. Wektu ngerti nèk wong-wong kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah, dhèwèké nggumun lan kandha, ”Anggepanku bab Njenengan kabèh jebulé klèru.” Wong wadon kuwi akiré nyopot tandha sing wis dipasang ing lawangé.

10, 11. (a) Wènèhana conto sing nduduhké nèk awaké dhéwé wis nindakké tujuan kapindho saka gawéan mbantu pas ana bencana? (b) Wacan apa sing mbantu para sedulur ing gawéan mènèhi bantuan kemanusiaan? (Deloken kothak ” Wacan kanggo Nerangké bab Bantuan Kemanusiaan”.)

10 Kapindho, tugas kuwi ”nyukupi kabutuhané” para sedulur. (2 Kr. 9:12a) Awaké dhéwé péngin mbantu nyukupi kebutuhan lan ngurangi kesusahané para sedulur. Apa sebabé? Merga jemaat Kristen kuwi diumpamakké ’badan siji’, ”mulané yèn ana pérangan siji kang lara, pérangan liyané kabèh padha mèlu ngrasakaké”. (1 Kr. 12:20, 26) Mula, merga tresna lan nduwé rasa welas asih, akèh sedulur saiki nyedhiyakké wektu, nyiapké piranti-piranti, lan lunga nèng dhaérah sing kena bencana kanggo mbantu sedulur seimané. (Yb. 2:15, 16) Contoné, sakwisé tsunami ing Jepang taun 2011, kantor cabang Amerika Serikat ngirim surat nèng Panitia Pembangunan Régional ing Amerika Serikat. Tujuané kanggo takon apa ana ”sedulur lanang sing trampil” sing gelem mbantu mbangun manèh Balé-Balé Ibadah ing Jepang. Mung pirang-pirang minggu waé, mèh 600 sukarélawan ndaftar lan setuju lunga nèng Jepang nganggo ragad dhéwé. Kantor cabang Amerika Serikat kandha, ”Tanggepané para sedulur nggumunké tenan.” Ana sedulur saka Jepang sing takon karo salah siji sukarélawan, ngapa kok gelem teka kanggo mbantu, sukarélawan kuwi njawab, ”Para sedulur ing Jepang kuwi bagéan saka ’badanku’. Aku lan sedulur liyané ngrasakké larané lan susahé para sedulur nèng kéné.” Para sedulur kadhang kudu toh nyawa kanggo mbantu seduluré. Kuwi ditindakké merga nduwé katresnan sing sejati. c1 Yo. 3:16.

11 Wong-wong sing dudu Seksi uga ngajèni upaya bantuan kemanusiaan sing awaké dhéwé tindakké. Contoné, sakwisé negara bagéan Arkansas, AS, kena bencana ing taun 2013, ana salah siji koran sing kandha, ”Pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah wis ngatur supaya para sukarélawané isa trampil lan cékat-cèket wektu nyedhiyakké bantuan.” Kaya sing dikandhakké Paulus, awaké dhéwé ”nyukupi kabutuhané” para-sedulur.

12-14. (a) Ngapa penting mbantu para korban bèn semangat manèh nindakké kagiyatan rohani? (b) Apa kandhané para sedulur sing nduduhké nèk semangat manèh nindakké kagiyatan rohani kuwi penting banget?

12 Katelu, bantuan kuwi mbantu para korban bèn semangat manèh nindakké kagiyatan rohani. Ngapa kuwi penting? Paulus nerangké nèk para sedulur sing nampa bantuan kuwi bakal ”nglubèraké pamuji sokur marang Gusti Allah”. (2 Kr. 9:12b) Cara sing paling apik kanggo para sedulur sing lagi kasusahan bèn ngucap sokur marang Yéhuwah yaiku semangat manèh nindakké kagiyatan rohani. (Fp. 1:10) Taun 1945, The Watchtower kandha, ”Paulus nyetujoni . . . gawéan kanggo nglumpukké sumbangan merga kuwi isa mbantu . . . para sedulur Kristen sing lagi kekurangan kanggo nyukupi kebutuhané. Nganggo cara kuwi para sedulur dadi luwih semangat nindakké gawéan nginjil.” Tujuané awaké dhéwé saiki isih padha. Nèk para sedulur kuwi semangat nindakké gawéan nginjil, sing dikuwatké ora mung wong liya ning uga sedulur kuwi dhéwé.​—Wacanen 2 Korinta 1:3, 4.

13 Gatèkna kandhané para sedulur sing nampa bantuan, terus mulai nginjil manèh lan éntuk kekuwatan merga kuwi. Ana sedulur lanang sing kandha, ”Kanggoné keluargaku, nginjil kuwi berkah. Kuwi isa nggawé rasa kuwatirku isa rada suda wektu nglipur wong liya.” Ana sedulur wadon kandha, ”Tetep fokus nindakké kagiyatan rohani wis mbantu aku nglalèkké kahanan sing nyusahké. Aku ngrasa aman.” Sedulur wadon liyané uga kandha, ”Senajan akèh kedadéan sing ora taknyana-nyana, ning nindakké gawéan nginjil wis mbantu aku lan keluargaku nduwé pangarep-arep sukmbèn. Saben crita karo wong liya bab pangarep-arep donya anyar, aku saya yakin nèk kabèh bakal dadi anyar.”

14 Kagiyatan rohani sing uga kudu cepet ditindakké para sedulur sing lagi susah yaiku teka ing pakumpulan ibadah. Gatèkna pengalamané Kiyoko, sedulur wadon sing umuré wektu kuwi mèh 60 taun. Sakwisé tsunami, kabèh duwèké ilang, sing isih diduwèni mung klambi lan sandhal sing dinggo. Dhèwèké ora ngerti piyé carané bèn isa tetep urip. Terus, ana pinituwa sing kandha nèk arep ana ibadah ing mobilé pinituwa kuwi. Kiyoko kandha, ”Aku, pinituwa kuwi lan bojoné, uga siji sedulur wadon liyané lungguh ing njero mobil. Senajan pakumpulan ibadah kuwi mung singkat, ning mbantu aku isa lali karo tsunami kuwi. Nggumunké banget. Pikiranku dadi ayem. Pakumpulan ibadah kuwi nduduhké pentingé srawung karo para sedulur.” Ana sedulur wadon sing kandha bab pakumpulan ibadah sing ditekani sakwisé ana bencana, ”Pakumpulan ibadah kuwi mbantu aku tetep kuwat.”​—Rm. 1:11, 12; 12:12.

Paédah sing Langgeng saka Bantuan Kemanusiaan

15, 16. (a) Apa paédah sing bakal ditampa karo wong Kristen ing Korinta sing nyedhiyakké bantuan kemanusiaan? (b) Piyé awaké dhéwé saiki uga éntuk paédah sing padha nèk mbantu pas ana bencana?

15 Paulus njelaské marang wong Korinta bab paédah sing bakal ditampa karo wong-wong sing nyedhiyakké bantuan kemanusiaan. Paulus kandha, ”Kowé iya padha didongakaké lan dikangeni [wong Kristen Yahudi ing Yérusalèm sing nampa bantuan] marga saka sih-rahmaté Gusti Allah kang lumubèr marang kowé.” (2 Kr. 9:14) Sipat loma sing diduduhké para sedulur ing jemaat Korinta kuwi sing nggawé wong Kristen Yahudi ing Yérusalèm péngin ndonga kanggo para seduluré ing Korinta, klebu sing dudu Yahudi. Iki mesthi nggawé katresnan paseduluran saya kuwat.

16 Awaké dhéwé saiki uga éntuk paédah nèk mbantu pas ana bencana. The Watchtower 1 Desember 1945 kandha, ”Wektu umaté Allah mbantu sedulur seimané sing lagi kasusahan, pikirna kerukunan sing bakal kelakon ing antarané umaté Allah.” Kuwi sing dirasakké para sedulur saiki sing mèlu gawéan mbantu pas ana bencana. Ana pinituwa sing mbantu para sedulur sing kena banjir, kandha, ”Aku ngrasa saya cedhak karo para sedulur merga mèlu gawéan iki.” Ana sedulur wadon sing ngrasa sokur banget merga nampa bantuan. Dhèwèké kandha, ”Pasedulurané awaké dhéwé kuwi bener-bener cocog kanggo nggambarké kahanan ing bumi Pirdus.”​—Wacanen Wulang Bebasan 17:17.

17. (a) Piyé Yésaya 41:13 kelakon wektu nindakké gawéan bantuan kemanusiaan? (b) Wènèhana conto piyé gawéan mbantu pas ana bencana ngluhurké Yéhuwah lan nguwatké paseduluran Kristen. (Deloken kothak ” Sukarélawan Sakdonya sing Nentremké Ati”.)

17 Wektu para sukarélawan teka ing panggonan bencana, para sedulur sing manggon ing kono ngrasakké janjiné Yéhuwah sing kelakon, yaiku, ”Ingsun iki, Pangéran Yéhuwah, Allahira, nyepeng tanganira tengen, tuwin ngandika marang sira: ’Sira aja wedi, iya Ingsun iki kang mitulungi sira.’” (Yé. 41:13) Sedulur wadon sing slamet saka bencana kandha, ”Aku kayané wis ora nduwé harapan ndelok kahanan sing rusak kabèh merga bencana, ning Yéhuwah nulungi aku. Bantuan saka para sedulur nggumunké banget, aku nganti trenyuh.” Sakwisé bencana sing ngrusak salah siji dhaérah, loro pinituwa ing kono nulis bab jemaaté, ”Gempa bumi iki bener-bener nggawé susah, ning aku ngrasakké bantuané Yéhuwah liwat para sedulur. Aku tau maca bab bantuan kemanusiaan, ning saiki aku ngrasakké dhéwé.”

Apa Panjenengan Isa Mèlu?

18. Apa sing isa panjenengan tindakké nèk péngin mèlu gawéan bantuan kemanusiaan? (Deloken kothak ” Tujuan Uripé Dadi Malih”.)

18 Apa panjenengan péngin ngrasakké bungah merga mèlu ing gawéan bantuan kemanusiaan? Nèk iya, élinga nèk para sukarélawan sing biyasané dipilih yaiku para sedulur sing kerja ing proyèk pembangunan Balé Ibadah. Mula, kandhanana pinituwa nèk péngin ngisi formulir permohonan. Ana pinituwa sing wis pengalaman ing gawéan bantuan kemanusiaan ngélingké, ”Mangkata nèng dhaérah bencana mung nèk panjenengan wis éntuk surat undangan resmi saka Panitia Penanggulangan Bencana.” Nganggo cara kuwi, upaya mbantu pas ana bencana isa ditindakké kanthi tertib.

19. Piyé para sedulur sing mbantu pas ana bencana mbuktèkké dadi muridé Yésus sing sejati?

19 Bantuan kemanusiaan kuwi salah siji cara sing apik banget kanggo ngetrapké préntahé Yésus ’supaya padha tresna-tinresnan’. Nèk nduduhké kuwi, awaké dhéwé mbuktèkké dadi muridé Yésus sing sejati. (Yo. 13:34, 35) Iki berkah sing gedhé merga saiki akèh banget para sedulur sing lila mbantu sedulur liyané sing kena bencana. Upaya iki bener-bener ngluhurké Yéhuwah.

a Bab iki ngrembug bantuan kemanusiaan kanggo sedulur seiman sing kena bencana. Ning, bantuan iki uga maédahi kanggo wong-wong sing dudu Seksi.​—Gl. 6:10.

b Rasul Paulus nggunakké bentuk jamak di·aʹko·nos (pelayan) kanggo nggambarké ”hamba-hamba pelayanan” (abdiné jemaat).​—1 Tm. 3:12, NW.

c Deloken artikel ”Membantu Keluarga Seiman Kita di Bosnia” ing Menara Pengawal 1 November 1994, kaca 23-27.