Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAGÉAN 13

Nèk Nduwé Iman, Panjenengan Bakal Urip Tentrem Saklawasé

Nèk Nduwé Iman, Panjenengan Bakal Urip Tentrem Saklawasé

Kitab Suci kandha, ”Wong kang bener iku bakal urip saka pracaya.” (Rum 1:17) Kuwi janji sing isa dipercaya. Apa tegesé kanggo panjenengan?

Sakwisé tugasé ing bumi rampung, Isa Almasih munggah swarga. Murid-muridé padha ndelok ”munggahé nganti ora kétok, awit terus ketutupan méga”. (Para Rasul 1:9, BJS) Gusti Allah ndadèkké Isa Almasih dadi raja ing swarga. Ora suwé manèh, Isa Almasih bakal ”rawuh ngagem kamulyané lan sakabèhing malaékat padha ndèrèkaké, Panjenengané banjur lenggah ing dhampar kamulyan. Sakèhing bangsa nuli bakal kaklumpukaké ana ing ngarsané lan bakal kapisah-pisah siji lan sijiné, kayadéné pangon anggoné ndhèwèk-ndhèwèkaké wedhus gèmbèl karo wedhus jawa.” (Matéus 25:31, 32) Kapan kuwi ditindakké?

Kitab Suci ngramal nèk bakal ana mangsa susah, sing dadi tandha Almasih ora suwé manèh bakal dadi hakim. Nabi Isa nerangké tandha-tandhané, yaiku ”bakal ana bangsa kang nglawan padha bangsa, karajan nglawan karajan, lan bakal ana lindhu kang nggegirisi sarta ing kana kéné bakal ana pageblug pès lan pailan, apadéné bakal kalakon uga ana bab-bab kang ngagètaké tuwin ilapat-ilapat kang nggegirisi saka ing langit.”​—Lukas 21:7, 10, 11.

Masalah-masalah sing kedadéan saiki mbuktèkké nèk ora suwé manèh Isa Almasih bakal dadi hakimé bangsa-bangsa

Saiki awaké dhéwé wis ndelok nèk tandha-tandha kuwi wis kelakon. Ora suwé manèh, Isa Almasih bakal rawuh kanggo nyingkirké wong-wong jahat. Bar kuwi, Iblis uga disingkirké. Bumi bakal dadi Pirdus. Kabèh manungsa bakal rukun, malah karo kéwan ya isa rukun. ”Asu ajag bakal manggon bebarengan karo wedhus gèmbèl lan macan tutul bakal mlégung ana ing sandhinging wedhus. Pedhèt lan anak singa bakal nyenggut bebarengan, tuwin bakal kagiring ing bocah cilik.” (Yésaya 11:6, 9) ”Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono, ’Aku lara’ . . . Ing wektu iku mripaté para wong wuta bakal padha kaelèkaké, lan kupingé para wong budheg bakal padha kabukak.” (Yésaya 33:24; 35:5) Wong mati bakal diuripké. ”Pangéran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakèhing rai”, lan ”bakal ora ana pati manèh, kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana.” (Yésaya 25:8; Wahyu 21:4) Wektu kuwi, kersané Gusti Allah sing kapisan pas jamané Adam kelakon. Bener-bener pengarep-arep sing nentremké ati.

Ngupaya Bèn Imané Saya Kuwat

Wong sing kaya apa sing bakal urip ing Pirdus ing bumi? Wong sing nduwé iman, yaiku sing hubungané akrab karo Gusti Allah.

Kudu diéling-éling, nèk arep manut karo Gusti Allah, kudu sinau sing tenanan saka Kitab Suci. Dadi, terusa ngupaya bèn saya kenal Gusti Allah lan Isa Almasih.

Wong sing nduwé iman bakal urip ing Pirdus ing bumi saklawasé

Saka tumindaké, kétok nèk wong kuwi nduwé iman. Kitab Suci kandha, ”Pracaya tanpa panggawé iku iya mati.” (Yakobus 2:26) Nèk panjenengan tumindak sing bener, tegesé panjenengan niru sipat-sipaté Gusti Allah yaiku—kwasa, adil, pinter utawa wicaksana, lan tresna. Terusa ngupaya nduwèni sipat-sipat sing apik iki.

Nèk gelem ngupaya bèn imané saya kuwat, panjenengan isa éntuk berkah sing akèh. Kuwi carané bèn isa urip seneng saiki lan mbésuk isa urip saklawasé.