Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

URIPÉ WONG KRISTEN

Ngati-ati karo Wong Murtad

Ngati-ati karo Wong Murtad

Sétan karo para pengikuté kerep nyebarké keterangan sing kétoké bener padahal kuwi nyesatké. Tujuané, bèn awaké dhéwé ora percaya manèh karo Yéhuwah. (2Kor 11:3) Mbiyèn, wong Asiria ngomongké keterangan sing ora bener kanggo medèn-medèni umaté Yéhuwah. (2Bb 32:10-15) Saiki, wong murtad ya seneng nyebarké keterangan sing ora bener. Awaké dhéwé kudu nganggep ajarané wong murtad kuwi kaya racun. Aja maca, nanggepi, utawa nyritak-nyritakké ajarané wong murtad. Kudu waspada lan langsung nolak informasi sing marakké awaké dhéwé dadi ragu utawa ora percaya manèh karo Yéhuwah lan organisasiné.​—Yud 3, 4.

DELOKEN VIDÉO ”NGUPAYA TENANAN MBÉLA IMAN”—CUPLIKAN, TERUS JAWABEN PERTANYAAN IKI:

  • Ngapa kok kudu ngati-ati karo grup-grup chat ing internèt?

  • Piyé carané ngetrapké naséhat ing Roma 16:17?