Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Nginjil Nganggo Rak Beroda ”ing Kabèh Wilayah ing Bumi”

Nginjil Nganggo Rak Beroda ”ing Kabèh Wilayah ing Bumi”

1 APRIL 2023

 Wis luwih saka sepuluh taun awaké dhéwé nginjil nganggo rak beroda. Wektu ndelok rak beroda, wong-wong langsung ngerti nèk kuwi Seksi-Seksi Yéhuwah. Rak beroda iki ora mung menarik, tapi ya gampang digunakké. Sedulur Asenata saka Polandia ngomong, ”Rak beroda ki apik banget, terus ya gampang digawa ing endi-endi.”

 Piyé rak beroda iki dirancang lan digawé?

Rancangan Rak Beroda

 Taun 2001, Pengurus Pusat setuju nèk sedulur-sedulur ing Prancis isa mulai nginjil ing panggonan umum nganggo rak beroda. Modhèlé gonta-ganti. Misalé, wis tau nganggo koper lan troli. Akhiré, ana siji rancangan sing dipilih karo kantor cabang Prancis.

Rak beroda ing Prancis taun 2005

 Nginjil nganggo rak beroda kuwi hasilé apik banget. Mulané taun 2011, Pengurus Pusat setuju nèk ing New York, Amerika Serikat, mulai nginjil nganggo rak beroda lan méja. Bar dicoba, ternyata luwih pénak nganggo rak beroda, merga luwih gampang digawa-gawa lan dipindhah-pindhah. Para perintis sing nyoba rak beroda kuwi ya ngekèki saran bèn rancangané luwih praktis lan sederhana. Mbiyèn rak berodané saka kayu, dadiné abot. Bar kuwi, bahané diganti karo sing luwih ringan tapi tetep kuwat, bèn ora tiba nèk kena angin. Bané ya diganti sing luwih gedhé bèn luwih kuwat. Terus ya dikèki wadhah kanggo nyimpen publikasi.

 Merga ing New York ya berhasil, taun 2012 Pengurus Pusat setuju nèk rak beroda isa dienggo ing sak donya. Terus, organisasi kerja sama karo pabrik kanggo nggawé rak beroda sing akèh.

 Organisasi ya péngin rak beroda iki isa luwih apik lan luwih awèt. Misalé taun 2015, rak berodané dikèki pelindung, bèn nèk pas udan publikasiné ora teles. Sedulur Dina saka Georgia ngomong, ”Rak berodané kaya dikèki jas hujan.” Taun 2017, ing beberapa basa ana sing digawèkké poster magnèt. Sedulur Tomasz saka Polandia ngomong, ”Mbiyèn nèk mèh gonta-ganti poster ki répot. Tapi merga saiki nganggo magnèt, dadi luwih gampang.” Taun 2019, bahan-bahané ya diganti manèh karo sing luwih awèt.

Biayané Nggawé Rak Beroda

 Ana siji pabrik sing kerja sama karo organisasi kanggo nggawèkké rak beroda. Rak beroda siji regané kira-kira 660 èwu rupiah, durung termasuk ongkos kirimé. Nganti saiki, organisasi wis ngetokké luwih saka 245 milyar rupiah kanggo nggawé lan ngirimké kira-kira 420.000 rak beroda.

 Bèn luwih hémat, organisasi pesené langsung akèh. Terus, saiki jemaat-jemaat ya isa pesen spare part thok. Dadi, nèk rusak ora perlu njaluk sing anyar.

Nginjil Nganggo Rak Beroda

 Sedulur-sedulur ing sak donya seneng banget nginjil nganggo rak beroda. Sedulur Martina saka Ghana ngomong, ”Biasané, awaké dhéwé sing marani wong-wong. Tapi nèk nginjil nganggo rak beroda, wong-wong sing marani awaké dhéwé. Wong-wong sing liwat ya akèh sing tertarik, terus akhiré mampir.”

 Ing Afrika, ana wong lanang sing njupuk majalah-majalah saka rak beroda. Seminggu bar kuwi, dhèwèké balik manèh terus ngomong, ”Majalahé wis tak waca kabèh. Isiné apik banget. Majalahé bakal tak kèkké keluargaku ing désa.” Désané jaraké 500 kilomèter. Rong sasi bar kuwi, dhèwèké mara manèh lan ngomong, ”Wong-wong ing désaku seneng banget karo majalahé. Isiné apik. Meréka péngin dadi Seksi Yéhuwah. Tapi, meréka bingung. Bèn isa dadi Seksi Yéhuwah kan kudu dibaptis. Nah, ing désaku ora ana kali. Dadi, kudu dibaptis ing endi?” Wong lanang kuwi dikèki nomeré perintis sing isa basané. Saiki dhèwèké wis sinau Alkitab.

 Nganggo rak beroda, Seksi-Seksi Yéhuwah nginjil ”ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu”. (Matius 24:14) Organisasi isa tuku rak beroda merga sumbangané njenengan, termasuk sing liwat donate.ps8318.com. Maturnuwun merga njenengan wis murah hati.