Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Gusti Allah Seneng Nèk Wong Ngibadah Tapi Tujuané Bèn Isa Éntuk Untung?

Apa Gusti Allah Seneng Nèk Wong Ngibadah Tapi Tujuané Bèn Isa Éntuk Untung?

 Akèh pemimpin agama saiki ora mbantu jemaaté cedhak karo Gusti Allah, ning malah nggolèk keuntungan. Akèh sing sugih merga gajiné gedhé, éntuk dhuwit saka pelayanané, utawa malah ana sing dodolan suvenir. Contoné:

  •   Ana uskup Katolik sing selama 13 taun numpak jèt pribadi ping 150 lan nyéwa limousin nganti ping 200. Terus, dhèwèké ya ngentèkké luwih saka 50 milyar rupiah kanggo ndandani omahé. Ternyata, dhèwèké mbayar kuwi kabèh nganggo dhuwit sumbangan.

  •   Ana pendhéta ing Afrika sing kerep nganakké kebaktian. Hadiriné nganti puluhan èwu. Dhèwèké ya dodolan ”minyak mukjijat” karo andhuk lan kaos sing ana gambaré dhèwèké. Pendhéta kuwi dadi sugih banget, padahal hadiriné akèh sing mlarat.

  •   Ing Cina, ana loro gunung sing biasané dienggo ngibadah wong Budha, tapi dikelola karo perusahaan gedhé. Terus, para biksu ing kuil Shaolin ya padha seneng bisnis.

  •   Akèh perusahaan gedhé ing Amerika mbayar lulusan sekolah téologi kanggo dadi guru agama ing kantoré.

 Piyé menurut njenengan? Apa Gusti Allah seneng karo pemimpin agama sing malah nggolèk keuntungan?

Apa Gusti Allah seneng karo wong sing ngibadah tapi karo nggolèk keuntungan?

 Ora. Mbiyèn, Gusti Allah tau nesu karo para imam sing gelem ”mulang mung nèk dibayar”. (Mikha 3:11) Gusti Allah ya sengit karo wong-wong sing nggawé panggonan kanggo ngibadah dadi ”guwané para perampok” merga padha dodolan ing kono.​—Yérémia 7:11.

 Yésus ya ora seneng nèk wong ngibadah tapi karo nggolèk keuntungan. Pas kaé, para pemimpin agama ngijinké para pedagang dodolan ing bait Yérusalèm. Hasilé, meréka ya éntuk dhuwit saka para pedagang kuwi. Para pedagang kuwi ngedol barangé luwih larang timbang biasané. Wektu ngerti kuwi, Yésus langsung ngusir para pedagang mau. Dhèwèké ngomong, ”Omahé Bapakku aja mbok dadèkké pasar.”​—Yohanes 2:14-16.

 Yésus ngerti nèk Gusti Allah ora seneng karo wong sing nggolèk keuntungan pas ngibadah. Makané dhèwèké ora kaya ngono. (Yohanes 8:28, 29) Pas dhèwèké mulang soal Gusti Allah, lan nggawé mukjijat, kaya mènèhi mangan wong akèh, nambani wong lara, lan nguripké wong mati, Yésus ora tau njaluk bayaran. Yésus ora tau nggolèk keuntungan pas dhèwèké mbantu wong liya. Malah, omah waé dhèwèké ora nduwé.​—Lukas 9:58.

Nèk muridé Yésus mbiyèn piyé?

 Yésus ora péngin murid-muridé nggolèk keuntungan pas ngibadah. Dhèwèké ngomong, ”Kowé nampa tanpa mbayar, mula wènèhna tanpa njaluk bayaran.” (Matius 10:8) Muridé Yésus jaman mbiyèn manut karo préntah kuwi. Contoné:

  •   Rasul Pétrus tau ditawani dhuwit karo Simon, merga Simon péngin isa nggawé mukjijat kaya Pétrus. Pétrus langsung nolak. Dhèwèké ngomong, ”Apa mbok pikir hadiah saka Gusti Allah kuwi isa mbok tuku nganggo dhuwit? Muga-muga kowé dimusnahké bareng karo dhuwitmu.”​—Kisah 8:18-20.

  •   Rasul Paulus sakjané wis kerja keras kanggo akèh jemaat, tapi dhèwèké ora tau njaluk bayaran. Dhèwèké karo kanca-kancané ”ora nggolèk untung wektu martakké omongané Gusti Allah, béda karo wong-wong liyané”. (2 Korintus 2:17) Malah Paulus ngomong, ”Aku nyambut gawé awan lan bengi bèn aku ora dadi bebanmu lan bèn kowé ora perlu ngragadi aku wektu aku martakké kabar apik soal Gusti Allah marang kowé.”​—1 Tésalonika 2:9.

 Mémang, wong Kristen jaman mbiyèn ya butuh dhuwit kanggo nginjil lan mbantu wong liya. Makané nèk ana sing mèh nyumbang, ya éntuk. Pathokané iki:

  •   2 Korintus 8:12: ”Nèk kowé tulus mènèhi, Gusti Allah bakal ngrasa seneng. Dhèwèké péngin bèn saben wong mènèhi sesuai karo apa sing sanggup diwènèhké, dudu sesuai karo apa sing ora sanggup diwènèhké.”

     Artiné: Pas mènèhi, sing paling penting kuwi niaté, dudu sepira akèhé.

  •   2 Korintus 9:7: ”Mendhing saben wong mènèhi sesuai karo sing wis diputuské ing njero atiné, ora karo sambat utawa kepeksa, merga Gusti Allah nresnani wong sing bahagia wektu mènèhi.”

     Artiné: Gusti Allah ora péngin wong mènèhi merga kepeksa.

Wong sing ngibadah tapi karo nggolèk keuntungan kuwi bakal diapakké?

 Menurut Alkitab, ora kabèh agama disenengi karo Gusti Allah. (Matius 7:21-23) Ing Alkitab, para pemimpin agama palsu dipadhakké kaya pelacur merga kerja sama karo pamréntah. Meréka kerja sama kanggo nggolèk keuntungan saka wong-wong. (Wahyu 17:1-3; 18:3) Tapi, mengko Gusti Allah bakal nyingkirké wong-wong kuwi.​—Wahyu 17:15-17; 18:7.

 Saiki, Gusti Allah ya ora péngin wong-wong ora cedhak karo Dhèwèké gara-gara agama palsu. (Matius 24:11, 12) Dhèwèké péngin wong-wong ngerti carané isa cedhak karo Dhèwèké lan ora mèlu agama palsu.​—2 Korintus 6:16, 17.