Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Manfaaté Ngerti soal Kuwi

Manfaaté Ngerti soal Kuwi

Bar ngerti fakta-fakta mau, mungkin njenengan dadi percaya nèk Gusti Allah ana. Terus, mungkin njenengan ya dadi péngin ngerti apa Alkitab asalé saka Gusti Allah. Nèk njenengan percaya isiné Alkitab, manfaaté apa?

Urip luwih bermakna

MENURUT ALKITAB: ”[Gusti Allah] nindakké apa sing apik, misalé mènèhi kowé udan lan musim panèn. Gusti Allah ya wis mènèhi kowé panganan sing akèh lan nggawé atimu seneng.”​—Kisah 14:17.

ARTINÉ: Kabèh sing ana ing alam kuwi anugrah saka Gusti Allah. Kuwi bukti nèk Dhèwèké perduli. Nèk ngerti soal kuwi, njenengan bakal luwih menghargai anugrah saka Gusti Allah.

Éntuk naséhat sing bermanfaat

MENURUT ALKITAB: ”Kowé bakal ngerti apa sing bener lan adil lan kabèh tumindak sing bener.”​—Wulang Bebasan 2:9.

ARTINÉ: Gusti Allah sing paling ngerti piyé bèn njenengan bahagia soalé Dhèwèké sing nyiptakké njenengan. Nèk sinau naséhaté ing Alkitab, njenengan isa éntuk manfaat.

Ngerti keterangan sing penting

MENURUT ALKITAB: ”Kowé bakal éntuk pengetahuan soal Gusti Allah.”​—Wulang Bebasan 2:5.

ARTINÉ: Nèk percaya Gusti Allah ana, njenengan dadi isa ngerti piyé carané bèn bahagia, ngapa kok akèh wong susah, lan nèk mati kuwi piyé. Njenengan isa nggolèki keterangan soal kuwi ing Alkitab.

Nduwé harapan

MENURUT ALKITAB: ”Yéhuwah * kandha, ’Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana, bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan.’”​—Yérémia 29:11.

ARTINÉ: Gusti Allah janji nèk sukmbèn ora bakal ana manèh wong jahat, wong susah, lan wong mati. Nèk percaya karo janji kuwi, njenengan isa nduwé harapan lan saiki isa tetep semangat meskipun ngadhepi masalah.

^ par. 13 Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah sing ditulis ing Alkitab.