Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Pas jamané wong Romawi, apa penjahat sing dihukum mati ing cagak, misalé Yésus, éntuk dikubur?

AKÈH wong mesthi ngerti kisahé Yésus sing dihukum mati ing cagak bareng karo loro penjahat. (Mat. 27:35-38) Sakwisé mati, mayaté Yésus dibungkus nganggo kain linèn terus dikubur. (Mrk. 15:42-46) Tapi, ana sing nganggep nèk kisah kuwi ora bener.

Para kritikus nganggep nèk crita sing ditulis ing Kitab Injil kuwi ora bener merga pas jamané wong Romawi, penjahat sing dihukum mati ing cagak biasané ora dikubur. Wartawan sing jenengé Ariel Sabar nulis ngéné ing majalah Smithsonian, ”Pas jamané wong Romawi, sing disalib kuwi wong sing jahat banget. Dadi, para ahli nganggep nèk ora mungkin wong Romawi ngijinké wong sing kaya ngono dikuburké.” Wong Romawi péngin penjahat sing kaya ngono kuwi diisin-isinké. Dadi sakwisé dihukum mati, mayaté bakal dijarké ing cagak bèn dipangan kéwan-kéwan liar. Bar kuwi, mayaté bakal diuncalké ing kuburan.

Tapi pas taun 1968, para ahli sejarah nemokké sisa-sisa balungé wong sing dihukum mati pas jamané Yésus. Balung-balung kuwi ditemokké ing njero kothak ing kuburan keluarga cedhak Yérusalèm. Ing antarané balung-balung kuwi, ana balung tungkak sing ditancepké ing papan kayu nganggo paku sing dawané 11,5 sèntimèter. Ariel Sabar sing disebutké mau kandha, ”Balung tungkak kuwi balungé wong lanang sing jenengé Yehokanan. Balung kuwi dadi bukti nèk katrangan ing Kitab Injil sing nyebutké nèk Yésus dikubur isa waé bener.” Terus, Ariel Sabar ya kandha, ”Balung tungkaké Yehokanan kuwi dadi bukti nèk pas jamané Yésus, wong Romawi isa waé ngijinké mayaté wong sing disalib dikubur.”

Mémang, merga ana penemuan kuwi, wong-wong dadi nduwé pendapat sing béda-béda soal carané Yésus dipaku ing cagak. Tapi sing pasti, saka kono awaké dhéwé isa ngerti nèk wektu kuwi, wong Romawi ngijinké penjahat sing dihukum mati kuwi dikubur. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk katrangan ing Alkitab sing nyebutké nèk Yésus dikubur mémang isa dipercaya.

Sakliyané kuwi, Yéhuwah wis ngramalké nèk Yésus bakal dikubur ing kuburané wong sugih. Kabèh sing diomongké Yéhuwah mesthi bakal kelakon.​—Yés. 53:9; 55:11.