Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Paédahé Seneng Mènèhi

Paédahé Seneng Mènèhi

WEKTU numpak bis sing arep nyebrang watesé negara sing ana ing Amerika Selatan, Alexandra krungu ana sing mbengok, ”Bisé éntuk lunga, ning wong Cina iki kudu tetep ing kéné.” Alexandra banjur mudhun saka bis lan ndelok ana wong Cina sing isih enom lagi ngupaya njelaské kahanané marang petugas perbatasan nganggo basa Spanyol sing ora lancar. Alexandra kuwi salah siji Seksi Yéhuwah sing gabung karo jemaat basa Cina. Dadi, Alexandra isa nulungi wong kuwi kanggo nerjemahké omongané.

Wong Cina kuwi kandha nèk dhèwèké bar kélangan surat-surat lan dhuwité merga dirampok. Mauné petugas kuwi ora percaya nèk wong kuwi pendhudhuk resmi lan malah ngira nèk Alexandra kuwi mèlu bisnis perdagangan manungsa. Akiré, petugas kuwi percaya, ning wong Cina kuwi kudu mbayar dhendha merga ora nduwé surat resmi. Merga dhèwèké ora nduwé dhuwit, Alexandra gelem nyilihi dhuwit 20 dollar AS. Wong kuwi maturnuwun banget lan janji arep ngijoli luwih saka 20 dollar AS. Alexandra njelaské nèk dhèwèké seneng mbantu lan ora ngarepké imbalan, merga ngerti nèk kuwi bab sing bener kanggo ditindakké. Alexandra mènèhi wacan-wacan Alkitab lan mènèhi saran bèn wong kuwi sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah.

Mesthi nyenengké banget nèk ana wong sing loma marang wong sing ora dikenal. Kabèh wong, ora soal nduwé agama apa ora, uga nduduhké sikap loma lan apikan. Apa panjenengan uga gelem tumindak kaya ngono? Yésus kandha, ”Rahayu wong wèwèh, katimbang karo nampani.” (Para Rasul 20:35) Para ilmuwan nyimpulké nèk tumindak loma kuwi ana gunané. Ayo dirembug apa waé paédahé nèk seneng mènèhi.

”PAWÈWÈHÉ KANTHI SUKA-RILA”

Akèh pengalaman sing mbuktèkké nèk seneng mènèhi kuwi isa marahi bungah. Rasul Paulus kandha nèk ”Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawèwèhé kanthi suka-rila”. Paulus ngomongké bab wong-wong Kristen sing mènèhi sumbangan kanthi loma kanggo mbantu para sedulur seiman sing lagi ngalami kasusahan. (2 Korinta 8:4; 9:7) Paulus ora kandha nèk wong-wong kuwi mènèhi merga seneng. Ning, kosok-baliné, wong-wong kuwi seneng merga isa mènèhi.

Malah, salah siji penelitian kandha, ”Wektu mènèhi, ana bagéan ing otaké manungsa sing diaktifké. Bagéan kuwi ana hubungané karo rasa seneng, hubungan sosial, sarta rasa percaya, lan ngasilké èfèk ’warm glow’.” Penelitian liyané kandha nèk ”mènèhi dhuwit marang wong liya kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih bungah, timbang ngentèkké dhuwit kanggo kebutuhané dhéwé”.

Apa panjenengan wis tau rumangsa ora isa akèh mbantu wong liya? Sakjané, kabèh wong isa ngrasakké bungah merga mènèhi ”kanthi suka-rila”. Ora kudu mènèhi sing akèh, sing penting éklas. Salah siji Seksi Yéhuwah nulis surat lan mènèhi sumbangan kanggo penerbité majalah iki, uniné, ”Pirang-pirang taun iki aku ora isa nyumbang akèh ing Balé Ibadah. Ning, Allah Yéhuwah wis maringi luwih akèh timbang sing wis tak sumbangké. . . . Maturnuwun merga saiki aku isa mènèhi sumbangan kanggo ndhukung gawéané Yéhuwah. Kuwi nggawé aku seneng banget.”

Pancèn, mènèhi kuwi ora kudu dhuwit. Ana akèh cara kanggo mènèhi wong liya.

SENENG MÈNÈHI KUWI MARAHI SÉHAT

Loma kuwi ana paédahé kanggo panjenengan lan wong liya

Alkitab kandha, ”Wong kang ambek darma [loma] mbeciki awaké dhéwé, nanging kang ambek siya iku niksa awaké dhéwé.” (Wulang Bebasan 11:17) Wong sing loma kuwi gelem ngurbanké wektuné, tenagané, perhatiané, lan liya-liyané. Seneng mènèhi kuwi akèh paédahé, salah sijiné yaiku kanggo keséhatan.

Hasil riset nduduhké nèk wong sing lila mbantu liyané kuwi isa luwih sithik ngrasakké lara lan strès. Dadi, uripé isa luwih séhat. Malah, wong sing nduwé lara kronis, contoné sklerosis multipel lan HIV, isa dadi luwih séhat nèk seneng mènèhi kanthi loma. Sakliyané kuwi, wong sing mauné kecanduan alkohol isa luwih gampang pulih sarta ora gampang strès lan kambuh nèk seneng mbantu wong liya.

Mula, hasil riset kuwi njelaské nèk ”sikap apikan lan welas asih isa mbantu ngurangi perasaan négatif”. Seneng mènèhi uga isa ngurangi strès lan tekanan darah. Lan wong sing strès merga bojoné mati, isa luwih cepet pulih nèk seneng mbantu wong liya.

Dadi, seneng mènèhi kuwi pancèn apik banget kanggo kita.

SIKAP SENENG MÈNÈHI KUWI NULAR

Yésus kandha karo para muridé, ”Padha wèwèha, supaya kowé iya diwènèhi. Takeran kang apik, kang ditetel-tetel, kang dioyog lan kang lubèr, bakal kaesokaké ing pangkonmu, amarga ukuran kang kokanggo ngukur, iku iya bakal kanggo ngukur kowé.” (Lukas 6:38) Nèk panjenengan seneng mènèhi, wong liya bakal ngajèni lan uga dadi mèlu-mèlu loma. Sikap seneng mènèhi kuwi isa nggawé wong dadi gampang kerja sama lan kekancan.

Wong sing loma isa gampang kerja sama lan kekancan

Para ahli sing nliti hubungan ing antarané manungsa kandha nèk ”wong sing seneng mènèhi kuwi isa nggawé wong liya dadi mèlu-mèlu seneng mènèhi”. Malah, para ahli kuwi uga kandha, ”Wong isa dadi seneng mènèhi mung merga maca crita bab wong-wong sing loma banget.” Mula, nurut salah siji penelitian, ”Wong siji isa mènèhi pengaruh kanggo akèh wong, sing dikenal lan sing ora dikenal.” Dadi, nèk wong siji tumindak apikan, kuwi isa nyebar lan nulari wong liya ing kelompoké. Apa panjenengan ora péngin urip karo wong-wong sing kaya ngono? Luwih akèh wong sing loma, paédahé uga dadi luwih akèh.

Pengaruh sing positif kuwi nyata saka salah siji pengalaman ing Florida, AS. Para rélawan saka Seksi-Seksi Yéhuwah mbantu wong-wong sing bar kena bencana angin badai. Wektu nunggu bahan-bahan kanggo ndandani omah sing lagi digarap, para Seksi nggatèkké nèk ana pageré tanggané sing rusak. Dadi, para Seksi nawakké bantuan kanggo ndandani pager kuwi. Ora suwé sakwisé kuwi, wong sing dibantu kuwi nulis surat kanggo kantor pusaté Seksi Yéhuwah, uniné, ”Aku seneng lan maturnuwun banget. Seksi-Seksi Yéhuwah iki wong sing paling apikan sakdonya.” Dhèwèké ngakoni nèk gawéané Seksi Yéhuwah kuwi nggumunké banget, banjur mènèhi sumbangan.

NIRU PRIBADI SING PALING LOMA

Hasil penelitian ilmiah nggawé kesimpulan sing nggumunké, yaiku ”sikap seneng mènèhi kuwi kétoké wis gawan bayi. Sakdurungé isa ngomong, anak-anak wis nduwé sikap kuwi”. Kok isa? Alkitab njelaské nèk manungsa kuwi digawé ”mirib gambaring Allah”. Mula, manungsa uga nduwé sipat sing padha karo Gusti Allah.Purwaning Dumadi 1:27.

Salah siji sipaté Allah Yéhuwah sing nggumunké yaiku sipat loma. Yéhuwah wis maringi urip lan kabèh sing kita butuhké bèn isa bungah. (Para Rasul 14:17; 17:26-28) Kita isa luwih kenal karo Bapak ing swarga lan luwih ngerti bab kersané, nèk sinau Pangandikané sing ditulis ing Alkitab. Alkitab uga nyritakké nèk Gusti Allah wis nyedhiyakké urip sing nyenengké kanggo kita sukmbèn. * (1 Yokanan 4:9, 10) Yéhuwah kuwi sumberé sikap loma lan manungsa digawé miturut gambaré. Dadi, nèk kita seneng mènèhi, kuwi padha karo niru Gusti Allah. Kuwi ana paédahé kanggo kita lan isa nyenengké Gusti Allah.Ibrani 13:16.

Apa panjenengan kèlingan critané Alexandra mau? Kepriyé sakbanjuré? Wong sing sak bis karo Alexandra kandha nèk Alexandra mbuwang-mbuwang dhuwité. Ning, pas wis tekan ing tujuané, wong sing ditulungi mau ngubungi kancané lan mbalèkké dhuwité Alexandra. Wong Cina kuwi uga nuruti sarané Alexandra lan mulai sinau Alkitab. Telung sasi sakbanjuré, Alexandra ketemu manèh karo wong kuwi ing kebaktiané Seksi-Seksi Yéhuwah sing nganggo basa Cina ing Peru. Kanggo nduduhké rasa maturnuwuné, Alexandra lan rombongané diundang mangan ing rèstorané.

Nduwé sikap seneng mènèhi lan mbantu wong liya kuwi isa nggawé bungah banget. Apa manèh nèk mbantu wong liya bèn isa kenal lan cedhak karo Allah Yéhuwah, Sumberé kabèh sing apik. (Yakobus 1:17) Apa panjenengan uga ngrasakké paédahé seneng mènèhi?

^ par. 21 Kanggo katrangan luwih akèh, deloken buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? sing dicétak karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Uga ana ing www.ps8318.com/jv. Deloken ing bagéan PUBLIKASI > BUKU & BROSUR.