Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Kandhané Alkitab?

Apa Kandhané Alkitab?

Kratoné Gusti Allah kuwi apa?

ANA SING PERCAYA nèk kuwi pamréntahané Gusti Allah ing atiné manungsa, liyané kandha nèk kuwi hasil upayané manungsa kanggo mujudké kahanan ayem tentrem ing donya. Piyé nurut panjenengan?

KANDHANÉ ALKITAB

”Allahipun saindenging langit badhé ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhé risak ing salami-laminipun, . . . karajan punika badhé nggecak sadaya karajan [manungsa] saha sami dipun sirnakaken.” (Dhanièl 2:44) Kratoné Gusti Allah kuwi pancèn pamréntahan sing nyata.

APA MANÈH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

Kapan Kratoné Gusti Allah teka?

APA JAWABAN PANJENENGAN?

  • Ora ana sing ngerti

  • Ora suwé manèh

  • Ora bakal teka

KANDHANÉ ALKITAB

”Injiling Kraton iki bakal kawartakaké ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa. Sawisé iku lagi dina wekasan.” (Matéus 24:14) Sakwisé kabar apik kuwi diwartakké ing saklumahing bumi, Kratoné Gusti Allah bakal nyingkirké donya sing jahat saiki.

APA MANÈH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

  • Ora ana sing ngerti kapan persisé Kratoné Gusti Allah bakal teka.​—Matéus 24:36.

  • Ramalané Alkitab nduduhké nèk Kratoné Gusti Allah bakal teka ora suwé manèh.​—Matéus 24:3, 7, 12.