Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Gusti Allah sing nyebabké kabèh kasusahan sing ana ing donya iki?

Apa Kandhané Alkitab?

Apa Kandhané Alkitab?

Apa Gusti Allah sing nyebabké kasusahan?

Apa jawaban panjenengan?

  • Iya

  • Ora

  • Ora ngerti

Kandhané Alkitab

”Nglengkara [ora mungkin] yèn Gusti Allah nindakaké piala, utawa yèn Kang Mahakwasa tumindak culika.” (Ayub 34:10) Dudu Gusti Allah sing nyebabké kasusahan lan tumindak jahat sing ana ing donya iki.

Apa manèh sing isa disinau saka Alkitab?

  • Sétan si Iblis, ”panggedhéné jagad iki”, sing nyebabké kasusahan.Yokanan 14:30.

  • Tumindak jahat lan kasusahan kuwi biyasané ana merga pilihané manungsa dhéwé.Yakobus 1:14, 15.

Apa kasusahan bakal ana entèké?

Ana sing percaya nèk manungsa isa nyingkirké kasusahan nganggo upayané dhéwé. Liyané percaya nèk kahanan donya ora mungkin malih dadi apik. Piyé nurut panjenengan?

Kandhané Alkitab

Gusti Allah bakal nyingkirké kasusahan. ”Bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana.”Wahyu 21:3, 4.

Apa manèh sing isa disinau saka Alkitab?

  • Gusti Allah bakal nggunakké Yésus kanggo nyingkirké kasusahan sing disebabké karo Sétan.1 Yokanan 3:8.

  • Wong-wong sing tumindaké bener bakal urip ayem tentrem ing bumi kanggo saklawasé.Jabur 37:9-11, 29.