Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 114

”Kudu Sabar”

”Kudu Sabar”

(Yakobus 5:8)

  1. 1. Allah Yéhuwah péngin

    jenengé t’rus diluhurké,

    Merga wis suwé ana

    sing nggawé èlèk jenengé.

    Kuwi kabèh marahi

    Huwah susah atiné,

    Tapi Allah Yéhuwah

    sabar ngadhepiné.

    Yah péngin wong mertobat

    lan gelem manut préntahé,

    Bèn isa dislametké

    lan ngrasakké katresnané.

  2. 2. Nèk aku terus sabar,

    Isa nyenengké Allahku,

    Aku ’ra gampang nesu,

    Dadi ’ra akèh salahku.

    Pas akèh masalahku,

    Ora susah atiku.

    Wong liya disayangi

    lan kudu dibantu.

    Bèn aku dadi sabar,

    Yah mènèhi roh suciné.

    Ayo terus niru Yah,

    Sabar karo sing liyané.