Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 137

Wong-Wong Wédok sing Kuwat Imané

Wong-Wong Wédok sing Kuwat Imané

(Roma 16:2)

  1. 1. Sara, Hana, Ribka, karo liyané,

    Wong-wong wédok kuwi kuwat imané,

    Ngutamakké Yéhuwah ing uripé,

    Ing Kitab Suci ditulis kisahé.

    Meski ana sing ’ra disebutké,

    Yéhuwah nggatèkké lan éling imané.

  2. 2. Wong-wong wédok sing ditulis kisahé,

    Setya, kendel, lan apikan sifaté.

    Sifat-sifat kuwi mémang nyenengké

    lan isa ditiru awaké dhéwé.

    Wong-wong wédok sing kuwat imané,

    Ditiru liyané, disayang Allahé.

  3. 3. Wong-wong wédok sing mbuktèkké imané,

    Padha semangat nglayani Allahé,

    Rendah hati pas nglakoni tugasé,

    Lan terus manut wektu diarahké.

    Kuwi bukti nèk ayu atiné,

    Nyenengké Allahé lan éntuk berkahé.