Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 71

Pasukané Yéhuwah

Pasukané Yéhuwah

(Éfésus 6:11-14)

  1. 1. Pasukané Yéhuwah

    didhukung Huwah,

    Terus martakké kabar

    soal Kerajaan.

    Meski diserang Sétan,

    ’Ra padha nyerah

    lan terus berjuang,

    Dibantu Huwah.

    (REFREIN)

    Pasukané Yéhuwah

    kendel martakké

    K’rajaané Huwah,

    Yésus Rajané.

  2. 2. Pasukané Yéhuwah

    nduwèni tugas,

    Nggolèki domba-domba

    sing manut Yéhuwah,

    Mbantu sing tulus ati

    nglayani Gusti,

    Padha diparani

    bèn mèlu ngabdi.

    (REFREIN)

    Pasukané Yéhuwah

    kendel martakké

    K’rajaané Huwah,

    Yésus Rajané.

  3. 3. Pasukané Yéhuwah

    manut arahan,

    T’rus nganggo perlengkapan

    bèn siap ’nggo perang.

    Meskipun Sétan nyerang,

    ’Ra bakal menang.

    Ayo t’rus berjuang,

    Setya karo Yah.

    (REFREIN)

    Pasukané Yéhuwah

    kendel martakké

    K’rajaané Huwah,

    Yésus Rajané.

(Deloken Flp. 1:7; Flm. 2.)