Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 75

Utus Aku

Utus Aku

(Yésaya 6:8)

  1. 1. Akèh wong jaman saiki

    karo Huwah ora ngerti,

    Ngécé jenengé sing suci,

    Padha ora gelem ngabdi.

    Sapa sing gelem ngandhani

    sing bener soal Yah Gusti?

    (REFREIN 1)

    ’Oh Allahku, iki aku.

    Oh Bapakku, utus aku,

    Bakal tak mulyakké jeneng-Mu.

    Oh Huwah, utus aku.’

  2. 2. Wong-wong padha ora wedi

    karo Allah sing sejati,

    ’Dha ’ra nyembah Huwah Gusti,

    Malah karo patung ngabdi.

    Sapa sing bakal ngandhani

    soal dinané Yah Gusti?

    (REFREIN 2)

    ’Oh Allahku, iki aku.

    Oh Bapakku, utus aku,

    Bèn kabèh wong ngerti dina-Mu.

    Oh Huwah, utus aku.’

  3. 3. Wong sing bener padha susah,

    Merga wong jahaté nambah.

    Mula péngin kenal Huwah,

    Ngerti sing bener saka Yah.

    Sapa sing bakalé mulang

    wong-wong sing nggolèki Huwah?

    (REFREIN 3)

    ’Oh Allahku, iki aku.

    Oh Bapakku, utus aku,

    ’Nggo mbantu wong dadi abdi-Mu.

    Oh Huwah, utus aku.’