Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 83

”Saka Omah menyang Omah”

”Saka Omah menyang Omah”

(Kisah 20:20)

  1. 1. Saka omah menyang omah,

    Kabar saka Huwah

    diwartakké, dicritakké,

    Bèn padha ngrungokké.

    Kabar soal Kerajaan

    sing wis mulai mréntah,

    Ing sak donya diwartakké,

    Terus diumumké.

  2. 2. Saka omah menyang omah,

    Mulyakké Yéhuwah.

    Wong-wong kudu kenal Dhèké

    bèn ’dha dislametké.

    Piyé wong-wong isa kenal

    lan nyembah Yéhuwah?

    Mula aku t’rus martakké

    bèn ’dha dislametké.

  3. 3. Ayo padha mèlu nginjil

    lan terus ngandhani

    nèk kabèh wong kudu milih

    sing mèh dilayani.

    Nèk ana sing malah nolak,

    Kuwi ’ra masalah.

    Saka omah menyang omah,

    Ngluhurké Yéhuwah.