Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 97

Tuntunané Yéhuwah ing Kitab Suci

Tuntunané Yéhuwah ing Kitab Suci

(Matius 4:4)

  1. 1. ’Ra mung saka roti waé

    manungsa uripé,

    Sing Allah Huwah omongké

    kudu dirungokké,

    Bèn isa ngerti karepé,

    Ngrasakké berkahé.

    (REFREIN)

    Tuntunané Huwah Gusti,

    Kabèh butuh kuwi.

    Sing ana ing Kitab Suci,

    Kabèh kudu ngerti.

  2. 2. Ing Alkitab dicritakké,

    Sing kuwat imané,

    Sing setya karo Allahé,

    Lan nampa berkahé.

    Nèk maca kabèh critané,

    Iman dikuwatké.

    (REFREIN)

    Tuntunané Huwah Gusti,

    Kabèh butuh kuwi.

    Sing ana ing Kitab Suci,

    Kabèh kudu ngerti.

  3. 3. Ayo maca Kitab Suci

    saka Huwah Gusti.

    Kabèh sing dipelajari

    dilebokké ati.

    Préntahé isa nglindhungi,

    Nggawé ayem ati.

    (REFREIN)

    Tuntunané Huwah Gusti,

    Kabèh butuh kuwi.

    Sing ana ing Kitab Suci,

    Kabèh kudu ngerti.

(Deloken Yos. 1:8; Rm. 15:4.)