Langsung mlebu

Album Foto Inggris 3 (September 2016 Februari 2017)

Album Foto Inggris 3 (September 2016 Februari 2017)

Iki foto kemajuané pembangunan kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah sing anyar ing Inggris saka September 2016 nganti Februari 2017.

13 September 2016​—Lokasi kantor cabang

Ana mesin ekskavator sing ngangkut lemah ing truk. Lemah kuwi arep dipindhahké kanggo persiapan proyèk pembangunan.

15 September 2016​—Lokasi persiapan proyèk

Anggota Departemen Listrik lagi masang kabel. Gedung iki bakal dinggo kantor sementara lan ruang makan saksuwéné pembangunan kantor cabang sing anyar. Gedung iki ana ing cedhaké lokasi proyèk.

19 September 2016​—Lokasi kantor cabang

Bunderan lan dalan menyang kantor cabang didelok saka ndhuwur. Ing sebelah kiwa bunderan, bakal dibangun taman lan kolam. Kuwi bakal dadi pemandangan kanggo para anggota Bètel, wong-wong sing mèlu tour Bètel, lan penduduk ing kono.

3 November 2016​—Lokasi kantor cabang

Beton-beton sing ora kanggo saka lokasi proyèk diremuk lan digunakké manèh kanggo nggawé dalan ing halaman gedung.

4 November 2016​—Lokasi kantor cabang

Ing bagéan ngarep kantor cabang, dalan sementara lan dalan permanen lagi digawé. Dalané dilapisi geotekstil putih, yaiku kain berpori kanggo nguwatké lapisan dhasaré dalan. Ing sisih tengen, ana alat berat sing dinggo ngratakké dalan sakdurungé dilapisi geotekstil kuwi.

5 November 2016​—Pertemuan kanggo proyèk pindhahan kantor cabang

Para sukarélawan éntuk katrangan ing salah siji saka 18 acara sing dianakké Panitya Proyèk Pembangunan ing wilayah Inggris lan Irlandia. Luwih saka 15.000 Seksi teka ing pertemuan kuwi, lan akèh sing péngin mèlu mbantu proyèk pembangunan kuwi.

28 November 2016​—Lokasi kantor cabang

Wit dedalu sing lagi waé ditandur diwènèhi pupuk. Ana luwih saka 700 wit sing ditandur ing kono. Ing kono ana kolam buatan kanggo ngatur bèn ora banjir sakwisé ana badai, kanggo nampung banyu udan, lan kanggo ngatur bèn banyuné mili ing jalur sing wis digawé.

5 Desember 2016​—Lokasi kantor cabang

Para sukarélawan neruské gawéan ngeruk lemah. Para kontraktor wis mindhahké kira-kira 160.000 mèter kubik lemah. Kuwi isa ngisi luwih saka 10.000 truk pasir.

6 Desember 2016​—Lokasi kantor cabang

Para ahli taman lagi nyiapké lemah. Ing sekitaré pager taman bakal ditanduri tanduran. Taman kuwi lan dhaérah sekitaré wis ditanduri 11 jenis wit-witan lan 16 jenis tanduran sing asalé saka dhaérah kuwi.

19 Desember 2016​—Lokasi tempat tinggal

Ing sisih kiwa, lemahé dibor nganggo bor sing ana ronggané kanggo nggawé pondhasi. Kapisan, lemahé dibor dhisik. Terus, wektu boré diangkat, beton dialirké liwat ronggané bor kuwi. Akhiré, kaya sing isa didelok ing gambar bagéan tengah, para rélawan nglebokké wesi ing beton mau. Ana luwih saka 360 tiang pondhasi sing wis dipasang kanggo pondhasiné gedung tempat tinggal.

29 Desember 2016​—Lokasi kantor cabang

Tukang pipa nyambungké pipa banyu kanggo kantor sementara.

16 Januari 2017​—Lokasi kantor cabang

Mesin ekskavator amfibi lagi ngeruk lumpur lan regedan ing kolam. Kolam-kolamé reged banget lan kudu didandani. Pinggiran kolamé dibangun bèn ora erosi lan bèn ora banjir. Sakdurungé kolamé didandani, iwak ing kolam kuwi sing cacahé luwih saka 2.500 dipindhah menyang kolam liyané dhisik.

17 Januari 2017​—Lokasi tempat tinggal

Pemandangan saka sisih wétan. Ing bagéan ngarep, para rélawan lagi masang pondhasi ing gedung tempat tinggal. Ing sisih tengen ngisor, awaké dhéwé isa ndelok ujungé tiang pondhasi. Ing sisih kiwa ngisor, tiang-tiang pondhasiné wis ditutup nganggo beton. Ing tengah, lemahé dibor kanggo nggawé pondhasi.

23 Januari 2017​—Lokasi persiapan proyèk

Rélawan lagi ndhempul kusèn lawang Ruang Pengunjung sakdurungé kusèn kuwi dicèt. Ing ruang iki, pengunjung isa ndelok pamèran sing nerangké bab proyèk iki. Pengunjung uga isa ndelok kemajuan proyèk pembangunan saka panggonan sing luwih dhuwur.

14 Februari 2017​—Lokasi tempat tinggal

Slewing ring lagi dipasang. Slewing ring kuwi alat sing isa nggawé tower crane (alat derek) isa muter. Crane iki dhuwuré kira-kira 40 mèter, lan isa ngangkat material sing aboté nganti 16 metrik ton.

15 Februari 2017​—Lokasi tempat tinggal

Tiang pondhasi dikethok bèn dhuwuré padha. Wesi sing ana ing tengahè tiang pondhasi bakal disambungké lan ditutup nganggo beton.

17 Februari 2017​—Lokasi kantor cabang

Tukang listrik masang tandha JW.ORG ing témbok gerbang. Tandha JW.ORG sing bakal dipasang ana loro.

17 Februari 2017​—Lokasi kantor cabang

Bunderan dalan ing pintu masuk kantor cabang wis ramé diliwati. Ing sisih ndhuwur kiwa, ana tandha JW.ORG sing lagi waé dipasang. Kolam lan taman lagi didandani. Kuwi bakal nggawé dalan mlebu menyang kantor cabang dadi saya apik.

24 Februari 2017​—Lokasi tempat tinggal

Tower crane (alat derek) sing dawané 65 mèter isa digunakké kanggo mbangun papat utawa lima gedung tempat tinggal. Ing bagéan ngisor, para kontraktor lagi ngecor panggonan sing bakal dinggo parkiran ing salah siji gedung tempat tinggal. Rangka baja wis dipasang lan siap digunakké kanggo nggawé pilar lan tembok bangunan.