Langsung mlebu

Album Foto Warwick 6 (Maret – Agustus 2016)

Album Foto Warwick 6 (Maret – Agustus 2016)

Iki album foto kemajuané pembangunan kantor pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah sing anyar ing Warwick, lan foto-fotoné para sedulur sing lagi mèlu proyèk pembangunan saka Maret nganti Agustus 2016.

Gambaran kompleks Warwick:

  1. Gedung Pemeliharaan Kendaraan

  2. Gedung Parkirané Tamu

  3. Gedung Pemeliharaan lan Parkirané Keluarga Bètel

  4. Gedung Tempat Tinggal B

  5. Gedung Tempat Tinggal D

  6. Gedung Tempat Tinggal C

  7. Gedung Tempat Tinggal A

  8. Gedung Kantor lan Perlengkapan

16 Maret 2016​—Taman

Para ahli taman ngedhunaké wit oak lan wit maple. Ana luwih saka 1.400 wit anyar sing ditandur ing Warwick.

23 Maret 2016​—Gedung Pemeliharaan Kendaraan

Para sedulur sing mbantu proyèk ing Warwick teka ing Pèngetan Sédané Yésus. Sing teka ana 384. Acara Pèngetan dianakaké Seksi-Seksi Yéhuwah sakdonya saben taun.

15 April 2016​—Pintu Gerbang

Para sedulur masang jendhéla ing pos pintu gerbang. Para sedulur sing tugas ing pos kuwi bakal nampa tamu, njaga keamanan, lan ngatur mlebu-metuné kendaraan.

19 April 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Bapak lan anak lagi masang potongan-potongan karpet ing koridor lantai loro. Bentuké karpet kuwi potongan, dudu gulungan, supaya luwih gampang diganti yèn rusak.

27 April 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Para sedulur masang sekat-sekat kantor sing gampang dibongkar, mula ukuran kantor bisa diowahi manut kebutuhané.

10 Mei 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Sedulur sing lagi arep masang sekat-sekat WC ing WC utama kanggo tamu ing sebelahé lobi.

26 Mei 2016​—Pinggir danau

Tim Penanggulangan Darurat lagi dilatih dadi petugas pemadam kebakaran. Yèn cepet nindakaké tugasé wektu ana kobongan, para sedulur iki bisa nglindhungi para sedulur liyané lan gedung-gedung ing Warwick. Para sedulur mau bisa mbantu para petugas pemadam kebakaran ing kutha kuwi.

30 Mei 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Sedulur bagéan dapur ngatur lungguhé para sedulur ing ruang makan utama sakdurungé acara Ibadah Ésuk dimulai. Kuwi sepisanan acara Ibadah Ésuk nganggo sambungan internet.

31 Mei 2016​—Gedung Pemeliharaan dan Parkirané Keluarga Bètel

Sedulur sing lagi masang petunjuk nganggo meteran laser. Bakal ana 2.500 petunjuk utawa tandha kanggo mbantu keluarga Bètel lan tamu.

1 Juni 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Sedulur sing lagi ngelas cekelan undhak-undhakan antarané lobi karo auditorium. Ing kono ana kain sing ora gampang kobong, sing digunakaké kanggo nutupi dhaérah sak cedhaké undhak-undhakan supaya ora ana sing rusak kena geni.

9 Juni 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Sedulur saka Departemen Dinding/Plafon lagi ngratakaké témbok gypsum ing ngarep museum ”Bukti Iman”, salah sijiné museum sing ora ana pemandhuné. Dekorasiné saben museum digawé manut karo bab sing dirembug.

16 Juni 2016​—Gedung Pemeliharaan Kendaraan

Para sedulur lagi siap-siap arep nggawé lantai beton bèn padhet, awèt, gampang dirumat, ora kena debu, lan ora ana bekas ban sing nèmpèl ing kono.

29 Juni 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Para sedulur lagi masang atap fiberglass ing pintu masuk lobi. Atap iki tembus pandang, dadi cahya srengéngé bisa mlebu.

29 Juni 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Wong bebojoan masang keramik granit ing pintu masuk museum ”Alkitab lan Asmané Gusti Allah”.

6 Juli 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Sedulur wédok lagi masang kursi ing auditorium utama. Ing kono ana 1.018 kursi. Auditorium kuwi bakal dinggo keluarga Bètel kanggo Sinau Warta Penting lan acara ibadah liyané.

9 Juli 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Ing lobi utama, para sedulur lagi masang lampu tandha selamat datang.

13 Juli 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Sedulur wadon loro saka Departemen Layanan Gedung lagi nyiapaké banyu ngombé kanggo para sedulur sing kerja ing lobi utama. Wektu hawané panas, para sedulur diélingaké kon ngombé banyu sing akèh bèn ora lemes.

19 Juli 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Ana sedulur sing masang etalase kanggo majang terjemahan Alkitab sing wis langka ing museum ”Alkitab lan Asmané Gusti Allah”. Ing museum iki uga ana galeri sing gentènan nduduhaké Alkitab-Alkitab liyané lan barang-barang peninggalan sing ana hubungané karo Alkitab.

22 Juli 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Sedulur sing lagi nggunakaké cétak biru lan disorotaké ing témbok kanggo masang péta ing lobi utama. Sedulur kuwi masang péta Australia lan pulau-pulau ing Asia Tenggara. Ing témbok kuwi uga ana jeneng Seksi-Seksi Yéhuwah ing kira-kira 700 basa.

23 Juli 2016​—Gedung Kantor lan Perlengkapan

Anggota keluarga Bètel teka ing acara orientasi. Acara iki dianakaké kanggo nyambut lan nglatih para sedulur sing bakal dadi anggota keluarga Bètel Warwick. Acara iki uga kanggo ngandhani para sedulur carané bèn ora cilaka wektu nggarap proyèk pembangunan.

17 Agustus 2016​—Studio JW Broadcasting

Para sedulur masang lampu bunder sak ndhuwuré méja pembawa acara JW Broadcasting. Mèh kabèh peralatan studio JW Broadcasting dipindhahaké saka studio sing lawas ing Brooklyn menyang Warwick.

24 Agustus 2016​—Latar ngarepé Warwick

Sedulur lanang lagi masang papan nama kantor pusat nganggo lampu LED ing jalan masuk utama. Mulai 1 September, akèh departemen ing kantor pusat bakal nyambut gawé ing kono.