Langsung mlebu

Apa Sebabé Ajarané Seksi-Seksi Yéhuwah Ana sing Diowahi?

Apa Sebabé Ajarané Seksi-Seksi Yéhuwah Ana sing Diowahi?

 Kabèh ajarané Seksi-Seksi Yéhuwah dhasaré saka Alkitab. Dadi, yèn ana ajarané sing diowahi kuwi merga pangertèné bab Alkitab saya cetha. a

 Owah-owahan ngono kuwi cocog karo kandhané Wulang Bebasan 4:​18, ”Nanging dalané wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah ésuk, kang mundhak-mundhak padhangé nganti tumeka ing wayah tengangé.” Kaya cahya srengéngé sing saya padhang yèn saya awan, Gusti Allah uga maringi pangertèn sing saya cetha, ing wektu sing pas. (1 Pétrus 1:​10-​12) Kaya sing diramalaké Alkitab, Gusti Allah maringi akèh pangertèn sing bener ”ing wekasaning jaman”.​—Dhanièl 12:4.

 Awaké dhéwé ora perlu kagèt utawa bingung yèn pangertèné awaké dhéwé diowahi. Umaté Gusti Allah jaman ndhisik uga tau nduwé pangertèn lan pangarep-arep sing salah, mula kudu diowahi.

 Gusti Allah ngowahi pangertèn sing salah saka wong-wong kuwi. Seksi-Seksi Yéhuwah uga péngin Gusti Allah ngowahi pangertèné Seksi-Seksi Yéhuwah.​—Yakobus 1:5.

a Pangertèn sing wis diowahi ora dipèk dhéwé karo Seksi-Seksi Yéhuwah, ning malah dicathet lan dibagèkaké marang wong liya. Contoné ana ing bagéan ”Pengertian yang Diperjelas” ing réferènsi publikasi.