Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nggawé Aturan Bab Nonton Pilem, Maca Buku, lan Ngrungokaké Lagu?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nggawé Aturan Bab Nonton Pilem, Maca Buku, lan Ngrungokaké Lagu?

 Ora. Pakumpulané Seksi-Seksi Yéhuwah ora mriksa pilem, buku, utawa lagu kanggo mutusaké apa sing ora olèh kanggo anggotané. Apa sebabé?

  Alkitab kandha yèn saben wong kudu ”kulina ngrasakaké lan mbédak-mbédakaké barang sing becik lan sing ala”.—Ibrani 5:14, Basa Jawi Padintenan.

  Alkitab mènèhi tuntunan dhasar kanggo wong Kristen wektu milih tontonan, wacan, lan lagu. a Seksi-Seksi Yéhuwah mesthèkaké kabèh tumindaké supaya ”dadi keparenging Gusti”.​—Éfesus 5:10.

  Alkitab mulang yèn pemimpiné keluarga nduwé wewenang kanggo nemtokaké tontonan, wacan, lan lagu apa sing ora apik kanggo keluargané. (1 Korinta 11:3; Éfesus 6:1-4) Sakliyané keluarga, ora ana sing olèh nemtokaké pilem, lagu, utawa artis endi sing ora apik kanggo anggota jemaat liyané.​—Galati 6:5.

a Contoné, Alkitab kandha supaya awaké dhéwé ngedohi apa waé sing ana hubungané karo roh-roh jahat, tumindak saru, utawa tumindak kasar lan brangasan.​—Pangandharing Torèt 18:10-13; Éfesus 5:3; Kolosé 3:8.