Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nolak Divaksin?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Nolak Divaksin?

 Ora. Seksi-Seksi Yéhuwah ora nolak divaksin. Akèh Seksi Yéhuwah sing gelem divaksin. Tapi, arep divaksin apa ora kuwi keputusané dhéwé-dhéwé.

 Seksi-Seksi Yéhuwah berusaha bèn éntuk perawatan mèdis sing apik. Seksi-Seksi Yéhuwah ya menghargai upayané tenaga keséhatan kanggo nambani penyakit, misalé nggawé vaksin, apa manèh pas ana pandemi.

 Seksi-Seksi Yéhuwah menganjurkan bèn padha manut karo petugas keséhatan. Misalé, kèt ana pandemi COVID-19, Seksi-Seksi Yéhuwah terus ngekèki pengingat ing akèh basa ing jw.org bèn padha manut protokol keséhatan. Contoné soal jaga jarak, pengaturan soal kumpul-kumpul, karantina, cuci tangan, nganggo masker, lan aturan liyané saka pamréntah.​—Roma 13:1, 2.

 Kèt mbiyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah ngetrapké pathokan-pathokan iki:

  •   Soal milih perawatan keséhatan kuwi keputusané dhéwé-dhéwé.​—Galatia 6:5.

     ”[Majalah iki] ora nyaranké nganggo obat, terapi, utawa perawatan keséhatan tertentu. Iki mung mènèhi keterangan bèn sing maca isa nggawé keputusan dhéwé.”​—Gatèkna! 8 Februari 1987.

     ”Njenengan karo anaké njenengan arep divaksin apa ora kuwi keputusané njenengan dhéwé.”​—Gatèkna! 22 Agustus 1965.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah nggolèk perawatan mèdis merga nganggep urip kuwi berharga.​—Kisah 17:28.

     ”Pas lara, Seksi-Seksi Yéhuwah bakal nggolèk tamba merga nganggep urip kuwi berharga. Tapi, ora bakal nggolèk perawatan mèdis sing nglanggar pathokan ing Alkitab.”​—Warta Penting 1 Juli 1975.

     ”Seksi-Seksi Yéhuwah gelem nampa perawatan mèdis bèn tetep séhat lan bèn tetep urip. Malah, kaya Lukas sing disebutké ing Alkitab, ana Seksi Yéhuwah sing ya dadi dokter. . . . Seksi-Seksi Yéhuwah bener-bener menghargai lan maturnuwun banget karo tenaga keséhatan sing wis kerja keras kanggo nambani wong-wong.”​—Warta Penting 1 Februari 2011.