Langsung mlebu

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Nggunakaké Salib Wektu Ngibadah?

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Nggunakaké Salib Wektu Ngibadah?

 Akèh wong nganggep yèn salib kuwi tandhané wong Kristen. Senajan Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi wong-wong Kristen, ning ora nggunakaké salib wektu ngibadah. Apa alesané?

 Salah siji alesané yaiku, Alkitab mulang yèn Yésus ora séda ing salib, ning séda ing cagak. Alkitab iya mulang yèn wong Kristen kudu ’nyingkiri panyembahing brahala’, kuwi tegesé ora nggunakaké salib wektu ngibadah.​—1 Korinta 10:14; 1 Yokanan 5:​21.

 Yésus kandha, ”Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yèn kowé padha dadi siswaKu, yaiku manawa kowé padha tresna-tinresnan.” (Yokanan 13:34, 35) Kuwi nduduhaké yèn tandhané wong Kristen kuwi dudu salib utawa patung, ning katresnan sing ora mentingaké awaké dhéwé.