Langsung mlebu

Apa Pandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah bab Pegatan?

Apa Pandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah bab Pegatan?

 Seksi-Seksi Yéhuwah manut pathokané Alkitab bab urip bebojoan lan pegatan. Gusti Allah nggawé urip bebojoan kuwi kanggo saklawasé ing antarané wong lanang lan wadon. Miturut Alkitab, dhasar kanggo pegatan mung siji, yaiku laku jina.​—Matéus 19:​5, 6, 9.

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah nyedhiyakaké bantuan kanggo wong bebojoan sing lagi ana masalah?

 Ya, bantuané bisa liwat:

  •   Wacan Alkitab. Ing wacan-wacan kuwi, ana bahan sing disedhiyakaké kanggo nguwataké urip bebojoan, klebu kanggo sing kétoké wis ora bisa rukun manèh. Contoné, deloken artikel ”Mempertahankan Komitmen dalam Perkawinan”, ”Bagaimana Agar Bisa Memaafkan”, lan ”Membangun Kembali Kepercayaan”.

  •   Pakumpulan Ibadah. Seksi-Seksi Yéhuwah ngrembug naséhat saka Alkitab kanggo urip bebojoan. Naséhat kuwi dirembug ing pakumpulan ibadah lan kebaktian-kebaktian.

  •   Pinituwa. Para pinituwa ing jemaat bisa mènèhi bantuan kanggo mbantu wong bebojoan nganggo ayat-ayat Alkitab, contoné ayat ing Éfesus 5:​22-​25.

Apa yèn arep pegatan kudu disetujui dhisik karo para pinituwa?

 Ora. Senajan para pinituwa bisa mbantu wong bebojoan sing lagi ngadhepi masalah, para pinituwa ora nduwé hak kanggo nemtokaké apa sing kudu ditindakaké wong bebojoan kuwi. (Galati 6:5) Ning, wong sing milih pegatan tanpa dhasar saka Alkitab ora bakal bisa éntuk hak istiméwa ing jemaat, lan miturut Alkitab, wong kuwi ora bébas kanggo nikah manèh.​—1 Timotéus 3:​1, 5, 12.

Apa pandhangané Seksi-Seksi Yéhuwah bab pisahan?

 Alkitab mènèhi naséhat supaya wong bebojoan tetep urip bareng senajan ngadhepi kahanan sing susah. (1 Korinta 7:​10-​16) Akèh masalah bisa dirampungi yèn ndonga marang Yéhuwah, ngetrapaké pathokané Alkitab, lan nduduhaké katresnan.​—1 Korinta 13:​4-8; Galati 5:​22

 Ning, wong Kristen éntuk mutusaké kanggo pisahan karo bojoné yèn ngadhepi kahanan-kahanan iki:

  •   Sengaja ora diopèni.​—1 Timotéus 5:8.

  •   Dianiaya bojoné.​—Jabur 11:5.

  •   Ing kahanan sing bisa ngrusak hubungané karo Gusti Allah. Contoné, mbokmenawa dhèwèké dipeksa kanggo nglanggar pathokan-pathokané Gusti Allah, lan dhèwèké milih kanggo pisahan merga ”mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa”.​—Lelakoné Para Rasul 5:​29.