Langsung mlebu

Pira Jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah Sak Donya?

Pira Jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah Sak Donya?

Laporan Taun 2023

Jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya

8.816.562

Jemaat

118.177

Negara sing dikabari Seksi-Seksi Yéhuwah

239

Jumlah Total

Laporan saka Negara lan Dhaérah

Sapa waé sing diétung dadi anggotané Seksi-Seksi Yéhuwah?

 Sing diétung dadi Seksi Yéhuwah kuwi mung sing mèlu nginjil soal Kerajaané Gusti Allah. (Matius 24:14) Kuwi termasuk sing wis dibaptis dadi Seksi Yéhuwah lan sing durung dibaptis tapi wis memenuhi syarat kanggo mèlu nginjil.

Nèk péngin dadi Seksi Yéhuwah, apa kudu nyumbang?

 Ora. Bèn isa dadi Seksi Yéhuwah utawa éntuk tugas ing organisasiné Yéhuwah ora kudu nyumbang. (Kisah 8:​18-​20) Kabèh Seksi-Seksi Yéhuwah réla nyumbangké dhuwit, wektu, lan tenagané kanggo ndhukung organisasiné Yéhuwah. (2 Korintus 9:7) Terus sing nyumbang ora diumumké jenengé.

Piyé carané ngétung jumlahé?

 Saben sasi, Seksi-Seksi Yéhuwah nglaporké nginjilé pirang jam.

 Mengko laporané Seksi-Seksi Yéhuwah sak jemaat diétung, terus jumlahé dikirim ing kantor cabang. Bar kuwi jumlah jamé Seksi-Seksi Yéhuwah ing negara utawa wilayah cabang kuwi dikirim ing kantor pusat.

 Tiap akhir taun dinas, a jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah selama taun kuwi didelok bulan endi sing paling akèh. Jumlahé kuwi sing ditotal karo negara-negara liya. Laporan saben negara ana ing jw.org bagéan ”Sak Donya”. Kaya wong Kristen jaman mbiyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah mesthi padha semangat ndelok laporan-laporan kuwi.​—Kisah 2:​41; 4:4; 15:3.

Apa sing mèlu ibadahé Seksi Yéhuwah tapi ora mèlu nginjil ya diétung?

 Ora diétung. Tapi, Seksi-Seksi Yéhuwah seneng nèk meréka mèlu ngibadah. Biasané meréka mèlu acara Peringatan Kematiané Yésus. Taun 2023, total sing mèlu acara Peringatan jumlahé ana 20.461.767.

 Terus ya ana sing ora mèlu ngibadah tapi sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Taun 2023, rata-rata saben sasi Seksi-Seksi Yéhuwah mandhu 7.281.212 pelajaran Alkitab. Tapi jumlah sing sinau isa luwih saka kuwi, merga ana sing sinauné bareng-bareng.

Ngapa jumlahé Seksi-Seksi Yéhuwah ing data sènsus pamréntah luwih akèh timbang sing diétung Seksi-Seksi Yéhuwah dhéwé?

 Lembaga sènsus pamréntah biasané takon karo wong-wong agamané apa. Nah kuwi sing didadèkké data. Misalé, Biro Sènsus Amerika Serikat nyebutké nèk datané kuwi ya berdasarkan jawabané wong-wong. Tapi sing diétung karo Seksi-Seksi Yéhuwah mung sing nginjil lan nglaporké kuwi. Sing ngaku-ngaku thok ora diétung.

a Taun dinas dimulai saka 1 September tekan 31 Agustus. Contoné, taun dinas 2015 kuwi saka 1 September 2014 tekan 31 Agustus 2015.