Langsung mlebu

Awalé Siji lan Akhiré Dadi Akèh

Awalé Siji lan Akhiré Dadi Akèh

 Salah siji Seksi Yéhuwah ing Guatemala sing jenengé Marta, sinau basa Kekchi bèn isa mènèhi kabar apik kanggo wong-wong sing nggunakké basa kuwi. Marta crita nèk dhèwèké tau ndelok wong lanang sing metu saka rumah sakit. Saka penampilané, Marta ngerti nèk wong lanang kuwi saka désa Kekchi ing dhaérah pegunungan sing jarang dikunjungi karo Seksi Yéhuwah. Senajan ora lancar basa Kekchi, Marta tetep ngupaya ngejak omong wong lanang kuwi.

 Marta nawani wong lanang kuwi kanggo sinau Alkitab. Ning, dhèwèké bingung merga ora nduwé dhuwit kanggo mbayar. Mula, Marta njelaské nèk sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi gratis. Marta ya ngandhani, nèk sinau Alkitabé isa liwat télpon bèn keluargané isa mèlu sinau. Wong lanang kuwi setuju kanggo sinau Alkitab. Merga wong lanang kuwi isa ngomong lan maca nganggo basa Spanyol, Marta mènèhi Alkitab Terjemahan Dunia Baru ing basa Spanyol lan buku Apa Wulangané Alkitab Kanggo Panjenengan? Ing basa Kekchi. Minggu ngarepé wong lanang kuwi karo bojo lan loro anaké mulai sinau Alkitab liwat télpon seminggu ping loro. Marta kandha, ”Merga aku ora lancar nggunakké basa Kekchi, sinauné nggunakké basa Spanyol. Wong lanang kuwi karo anak-anaké ngerti basa Spanyol. Ning, merga bojoné ora ngerti basa Spanyol, wong lanang kuwi nerjemahké saka basa Spanyol ing basa Kekchi.”

 Wong lanang kuwi dadi pendeta ing grejané. Terus, dhèwèké mulang ing jemaaté apa sing wis disinaoni soal Alkitab. Jemaaté seneng karo apa sing diwulangké lan takon karo dhèwèké saka endi sinauné. Wektu dhèwèké ngandhani nèk lagi sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah, jemaaté mulai mèlu sinau Alkitab bareng karo dhèwèké. Bar kuwi, saben minggu ana kira-kira 15 wong sing kumpul kanggo sinau Alkitab liwat télpon karo Marta. Bèn kabèh isa ngrungokké, télponé dicedhakké karo mikrofon bèn suwarané banter.

 Wektu Marta kandha karo para pinituwa soal wong-wong sing sinau Alkitab karo dhèwèké, ana salah siji pinituwa sing marani désané wong-wong kuwi. Pinituwa mau ngundang wong-wong kuwi kanggo teka ing ceramah Alkitab ing désa liya sing bakal disampèkké karo Pinituwa Wilayah *. Adohé désa kuwi sakjam numpak mobil lan kudu mlaku manèh suwéné rong jam. Wong-wong kuwi gelem teka lan ana 17 wong sing mèlu.

 Beberapa minggu sakwisé kuwi, ana pinituwa wilayah lan penginjil liyané sing teka mrono kanggo sinau Alkitab karo wong-wong kuwi suwéné patang dina. Sésuk ésuké, wong-wong kuwi nonton vidéo-vidéo sing dhasaré Alkitab ing jw.org lan sinau brosur Sapa sing Nindakké Kersané Yéhuwah ing Jaman Saiki? nganggo basa Kekchi. Awané, wong-wong kuwi nonton vidéo-vidéo sing ana ing JW Broadcasting. Pinituwa wilayah ya ngatur bèn saben wong ana sing mandhu sinau Alkitab.

 Saksuwéné patang dina kuwi, Seksi-Seksi Yéhuwah ya nginjil ing sekitar désa Kekchi kanggo ngundang wong-wong mèlu pertemuan khusus. Ing pertemuan kuwi ana 47 wong sing teka lan para sedulur ngundang sing teka kanggo sinau Alkitab. Terus, ana sewelas keluarga sing gelem sinau Alkitab.

 Pirang-pirang sasi sakwisé, para pinituwa ngatur bèn ana pakumpulan ibadah ing désa kuwi saben minggu. Saiki, ana kira-kira 40 wong sing ajeg teka ing pakumpulan ibadah. Wektu ana acara Pèngetan Sédané Yésus, sing mèlu acara Pèngetan iki ana 91 wong.

 Wektu Marta ngéling-éling pengalamané, dhèwèké kandha, ”Aku maturnuwun banget karo Yéhuwah. Kadhang aku ngrasa ora isa nindakké apa-apa. Ning, Yéhuwah isa nggunakké awaké dhéwé kanggo mbantu wong liya. Yéhuwah ngerti isi atiné wong-wong ing désa kuwi lan narik wong-wong kuwi bèn dadi umaté. Yéhuwah nresnani wong-wong kuwi.”

^ Pinituwa wilayah kuwi penginjil saka Seksi Yéhuwah sing tugasé nekani kira-kira 20 jemaat.