Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Carané Bèn Isa Rukun karo Wong Liya

Carané Bèn Isa Rukun karo Wong Liya

Sang Pencipta ngandhani awaké dhéwé carané bèn isa rukun karo wong liya, misalé ing omah, ing gawéan, lan karo kanca-kanca. Akèh sing wis ngrasakké manfaat saka naséhat-naséhat iki.

Seneng Ngapura

”Senajan ana alesan kanggo tersinggung, kowé kudu terus . . . tulus ngapura liyané.”​—KOLOSE 3:13.

Kabèh tau nggawé kesalahan. Mungkin awaké dhéwé tau nglarani wong liya utawa awaké dhéwé sing dilarani. Makané kabèh wong kudu gelem ngapura lan njaluk ngapura. Nèk wis ngapura, kuduné awaké dhéwé ora jèngkèl manèh karo wong kuwi. Awaké dhéwé ora mbales ”kejahatan nganggo kejahatan”, lan ora ngéling-éling kesalahané. (Roma 12:17) Tapi, piyé nèk awaké dhéwé bener-bener lara ati lan kepikiran terus? Nèk ngono, masalahé isa diomongké apik-apik karo wongé. Tujuané ora kanggo nyalah-nyalahké, tapi bèn isa tetep rukun.​—Roma 12:18.

Ora Sombong lan Ngajèni Wong Liya

”Kudu rendah hati nganggep wong liya luwih unggul timbang kowé.”​—FILIPI 2:3.

Nèk ora sombong lan ngajèni wong liya, awaké dhéwé isa nduwé akèh kanca. Wong-wong kuwi ngerti nèk awaké dhéwé apikan lan ora bakal sengaja nggawé lara ati. Tapi, nèk awaké dhéwé rumangsa luwih unggul utawa senengané nggolèk menangé dhéwé, kuwi isa nggawé masalah lan marahi wong dadi jèngkèl. Wong-wong bakal ngedohi awaké dhéwé, terus sing gelem dadi kancané awaké dhéwé mung sithik, malah mungkin ora ana.

Ora Mbédak-mbédakké

”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.”​—KISAH 10:34, 35.

Sang Pencipta nganggep kabèh wong berharga, ora masalah bangsané, basané, status sosialé, utawa werna kulité. ”Saka wong siji, Dhèwèké nggawé kabèh bangsa.” (Kisah 17:26) Dadi sakjané kabèh sedulur. Nèk awaké dhéwé apikan lan ngajèni kabèh wong, awaké dhéwé isa bahagia, wong liya bahagia, lan ya isa nyenengké Sang Pencipta.

Ora Gampang Nesu

”Awaké dhéwé kudu . . . nduwé watak sing alus.”​—KOLOSE 3:12.

Nèk ora gampang nesu, wong-wong gelem cedhak karo awaké dhéwé. Wong-wong ora wedi nèk mèh crita utawa ngélikké merga ngerti nèk awaké dhéwé ora bakal nesu. Nèk ana sing nesu awaké dhéwé kudu tetep sabar, sapa ngerti wong kuwi dadi ora nesu manèh. Wulang Bebasan 15:1 kandha, ”Jawaban sing alus nggawé wong dadi ora nesu manèh, ning omongan sing kasar nggawé wong dadi nesu.”

Seneng Mènèhi lan Ngajèni

”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”​—KISAH 20:35.

Saiki, akèh wong sing srakah lan mung mikirké kepentingané dhéwé. Tapi, awaké dhéwé isa bahagia nèk seneng mènèhi. (Lukas 6:38) Wong sing seneng mènèhi kuwi bahagia merga nganggep nèk wong luwih penting ketimbang barang. Terus, nèk wong kaya ngono kuwi diwènèhi sesuatu karo wong liya, dhèwèké mesthi bakal luwih ngajèni. (Kolose 3:15) Coba dipikir, ’Aku péngin nduwé kanca sing pelit lan ora nduwé rasa maturnuwun utawa sing seneng mènèhi lan ngajèni?’ Intiné, nèk péngin nduwé kanca sing apik, njenengan ya kudu dadi kanca sing apik.​—Matius 7:12.