Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Naséhat sing Isa Nggawé Bahagia

Naséhat sing Isa Nggawé Bahagia

”Aku jané sedih nèk ndelok keadaan donya saiki. Ing endi-endi akèh perang, wong miskin, wong lara, lan bocah-bocah sing ngalami pelècèhan. Tapi, aku saiki ngerti nèk keadaané mengko bakal dadi luwih apik.”​—RANI. *

Rani ora sedih manèh merga ngerti nèk Sang Pencipta, yaiku Gusti Allah sing mahakuwasa, mènèhi naséhat sing apik. Nèk nggatèkké naséhaté Sang Pencipta, . . .

  • njenengan sak keluarga isa bahagia

  • njenengan isa rukun karo wong liya

  • uripé njenengan isa ayem

  • njenengan isa ngerti ngapa kok akèh sing susah lan mati

  • njenengan isa yakin nèk sukmbèn keadaané bakal dadi luwih apik

  • njenengan isa kenal karo Sang Pencipta lan dadi kancané

Kuwi kabèh bakal dijelaské ing majalah iki. Ing majalah iki ya bakal dijelaské nèk naséhaté Sang Pencipta isa bermanfaat, ora mung kanggo beberapa wong thok, tapi ya kanggo kabèh sing gelem sinau.

^ par. 2 Jeneng-jeneng ing majalah iki dudu jeneng asliné.