Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Wong Kang Andhap-Asor Iku Bakal Padha Olèh Warisan Bumi”

”Wong Kang Andhap-Asor Iku Bakal Padha Olèh Warisan Bumi”

Jaman saiki ana akèh wong sing apik lan ora salah sing dadi kurban saka kejahatan lan tumindak ora adil. Apa kejahatan lan kasusahan bakal ana sakterusé?

Jabur 37 ing Alkitab ngekèki jawabané lan njelaské apa sing kudu kita tindakké saiki. Gatèkna apa kandhané Alkitab kanggo pitakonan-pitakonan iki.

  • Piyé carané nanggepi wong-wong sing jahat?​—Ayat 1, 2.

  • Piyé akhiré wong-wong sing jahat?​—Ayat 10.

  • Piyé akhiré wong-wong sing tumindaké bener?​—Ayat 11, 29.

  • Apa sing kudu kita tindakké saiki?​—Ayat 34.

Ing Jabur 37, Gusti Allah njelaské nèk wong-wong sing ’padha nganti-anti marang Pangéran Yéhuwah’ isa nduwé pangarep-arep sing nyenengké. Seksi-Seksi Yéhuwah mesthi seneng mbantu panjenengan sinau Alkitab lan sinau carané bèn panjenengan lan keluarga isa éntuk pangarep-arep sing nyenengké.