Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Nubuat-Nubuat sing Wis Kelakon

Nubuat-Nubuat sing Wis Kelakon

Artikel pertama nyritakké bab Kroesus sing akhiré dikalahké karo raja Pèrsia merga percaya karo ramalané dhukun saka Delfi. Ramalan kuwi ora kaya nubuat-nubuat ing Alkitab. Alkitab nyritakké akèh nubuat, utawa ramalan saka Gusti Allah, bab raja Pèrsia sing kelakon kabèh kanthi rinci.

Nabi Yésaya wis nulis ramalan bab raja Pèrsia, kira-kira 200 taun sakdurungé kuwi kelakon. Malah, suwé sakdurungé raja kuwi lair, Yésaya wis nyebutké jenengé, yaiku Korès, lan njelaské carané dhèwèké isa ngalahké kutha Babilon sing kuwat.

Yésaya 44:24, 27, 28: ”Mangkéné pangandikané Sang Yéhuwah, . . . ’Ingsun kang ngandika marang telenging sagara: Dadia asat, Ingsun karsa ngasataké kali-kalinira! Ingsun kang ngandika bab Korèsy: Iku abdi pangoningSun sakèhing karsaningSun bakal dilakoni iku bakal celathu bab Yérusalèm: Iku prayoga dibangun! tuwin bab Padaleman Suci: Tetalesé prayoga kapasang!’”

Miturut ahli sejarah Yunani sing jenengé Herodotus, tentarané Korès ngilèkké banyu ing panggonan liya supaya Kali Éfrat dadi asat. Dadi, tentarané Korès isa mlebu ing kutha Babilon. Sakwisé ngalahké Babilon, Korès mbébaské wong-wong Yahudi sing ditawan bèn isa bali menyang Yérusalèm lan mbangun manèh kutha Yérusalèm sing wis diancurké 70 taun sakdurungé.

Yésaya 45:1: ”Mangkéné pangandikané Pangéran Yéhuwah: ’Iki pangandikaningSun marang wong kang Sunjebadi, marang Korèsy kang Sunkanthi tangané tengen, Sunagem nelukaké bangsa-bangsa kang ana ing ngarepé lan mblejedi para raja, Sunagem ngengakaké lawang-lawang ing ngarepé lan supaya gapura-gapura aja terus mineb.’”

Wong-wong Pèrsia isa mlebu kutha Babilon liwat lawang gedhé, sing dijarké kebukak. Nèk wong-wong Babilon ngerti rencanané Korès, mesthi bakal nutup gerbang-gerbang sing ngarah ing Kali Éfrat. Ning, nyatané kutha kuwi ora siap lan ora nglawan.

Sakliyané nubuat bab raja Pèrsia kuwi, ana akèh nubuat liyané sing dicathet ing Alkitab sing kelakon nganti rinci. a Ora kaya ramalané manungsa, sing dhasaré saka allah-allah palsu, nubuat-nubuat Alkitab asalé saka Pribadi ”kang paring sumurup wiwit ing sakawit prakara kang ing tembé bakal kelakon lan wiwit ing jaman kuna apa kang durung kelakon”.​—Yésaya 46:10.

Mung Yéhuwah, Gusti Allah sing sejati, sing isa kaya ngono. Asmané Gusti Allah kuwi tegesé ”Sing Nyebabké Dadi”. Kuwi nduduhké nèk Gusti Allah isa ngerti apa sing bakal kelakon lan kuwi mesthi cocog karo kersané. Kuwi nggawé kita yakin nèk Gusti Allah bakal netepi kabèh janjiné.

NUBUAT-NUBUAT SING KELAKON ING JAMAN SAIKI

Apa panjenengan péngin ngerti nubuat-nubuat saka Alkitab sing kelakon ing jaman saiki? Kira-kira 2.000 taun sakdurungé, Alkitab kandha nèk ”ing dina-dina pungkasan kahanané bakal angèl diadhepi”. Apa sing dimaksud dina-dina pungkasan kuwi? Kuwi dudu pungkasané bumi utawa manungsa, ning pungkasané kabèh kasusahan lan masalah sing wis suwé dialami manungsa. Ayo dirembug nubuat-nubuat sing dadi tandha ”dina-dina pungkasan”.

2 Timotius 3:1-5: ”Ing dina-dina pungkasan, . . . wong-wong mung bakal mikirké kepentingané dhéwé, ngutamakké mburu bandha, nyombongké awaké dhéwé, rumangsa hébat, seneng ngrèmèhké, ora manut karo wong tuwa, ora nduwé rasa matur nuwun, ora setya, ora nduwé katresnan marang anggota keluarga, ora gelem sepakat karo wong liya, seneng mitenah, ora isa ngendhalèni dhiri, kejem, sengit karo apa sing apik, seneng ngianati, ngèyèl, sombong, nresnani kesenengan ketimbang nresnani Gusti Allah, ing ngarepé wong liya wong-wong kuwi kétoké ngibadah marang Gusti Allah, nanging sakjané ora urip miturut ibadahé.”

Apa panjenengan setuju nèk sipaté wong-wong saiki saya parah kaya sing diramalké kuwi? Apa panjenengan ngrasa nèk wong-wong saiki padha mikirké kepentingané dhéwé, mburu bandha, lan sombong? Apa panjenengan nggatèkké nèk wong-wong saiki seneng nuntut lan ora gelem sepakat karo wong liya? Panjenengan mesthi nggatèkké nèk saiki ana akèh sing ora manut karo wong tuwané lan luwih nresnani kesenengané dhéwé ketimbang nresnani Gusti Allah. Kuwi kabèh saya suwé saya parah.

Matius 24:6, 7: ”Kowé bakal krungu swara perang lan warta-warta bab perang. . . . Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan.”

Ana kira-kira luwih saka 100 juta wong sing mati merga perang wiwit taun 1914, kuwi ngluwihi jumlah pendhudhuk ing akèh negara. Akibaté ana akèh wong sing sengsara lan sedhih merga kélangan wong sing ditresnani. Ning, senajan ngono perang ya isih terus ana nganti saiki.

Matius 24:7: ”Bakal ana kurang pangan.”

Program Pangan Dunia nglaporké: ”Sakjané kita isa ngasilké panganan sing cukup kanggo kabèh wong. Ning isih ana 815 juta wong sing kelaparan saben bengi. Malah saka wong telu ana siji sing kurang gizi.” Saben taun kira-kira ana telung juta anak sing mati merga kelaparan.

Lukas 21:11: ”Bakal ana gempa bumi sing gedhé.”

Saben taun ana 50.000 gempa bumi sing dialami manungsa. Ana 100 gempa bumi gedhé sing isa ngrusak bangunan. Kira-kira saben taun mesthi ana siji gempa bumi sing parah banget. Ana laporan sing kandha, antarané taun 1975 nganti taun 2000 ana 471.000 wong sing mati merga gempa bumi.

Matius 24:14: ”Kabar apik bab Kraton iki bakal diwartakké ing saklumahing bumi, dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa, sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka.”

Seksi-Seksi Yéhuwah sing jumlahé luwih saka wolung juta lagi martakké kabar apik ing luwih saka 240 negara. Kabar apik wis diwartakké ing saklumahing bumi nganti tekan plosok-plosok désa lan gunung. Nèk Yéhuwah nganggep gawéan nginjil iki wis cukup, Alkitab kandha, ”Sakwisé kuwi pungkasané donya bakal teka.” Kuwi tegesé pamréntahané manungsa bakal dipungkasi lan diganti karo pamréntahané Gusti Allah. Janji apa waé sing bakal kelakon ing pamréntahané Gusti Allah? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug bab kuwi.

a Deloken artikel ”Bukti saka Nubuat sing Wis Kelakon”.