Langsung mlebu

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Paskahan?

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Paskahan?

Anggepan sing salah

 Kandhané wong: Seksi-Seksi Yéhuwah ora Paskahan merga dudu wong Kristen.

 Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Yésus kuwi Juru-slamet lan ngupaya ”tumindak kaya Panjenengané [Yésus]”.—1 Pétrus 2:21; Lukas 2:11.

 Kandhané wong: Seksi-Seksi Yéhuwah ora percaya yèn Yésus diuripaké manèh sakwisé mati.

 Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Yésus kawungokaké utawa diuripaké manèh. Kuwi sing dadi dhasar imané wong Kristen lan kuwi bab sing diwartakaké Seksi-Seksi Yéhuwah.—1 Korinta 15:3, 4, 12-15.

 Kandhané wong: Seksi-Seksi Yéhuwah ora perduli karo anaké merga anaké ora éntuk Paskahan.

 Sing bener: Seksi-Seksi Yéhuwah sayang karo anaké, mula ngupaya sabisa-bisané nglatih lan nyenengaké anaké.—Titus 2:4.

Apa Sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah Ora Paskahan?

  •   Paskahan kuwi dhasaré dudu saka Alkitab.

  •   Yésus kandha yèn murid-muridé kudu mèngeti dina sédané, dudu dina wektu Yésus diuripaké manèh. Seksi-Seksi Yéhuwah mèngeti sédané Yésus saben taun miturut tanggalan kamariah Alkitab.—Lukas 22:19, 20.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn asal-usulé Paskah saka upacara kasuburan kuna, lan kuwi ora nyenengaké Gusti Allah. Gusti Allah péngin manungsa mung nyembah marang Gusti Allah lan ora seneng yèn manungsa nindakaké ibadah sing dicampur karo kebiyasaan sing salah.—Lukas 4:8; 1 Para Raja 18:21.

 Seksi-Seksi Yéhuwah yakin yèn alesané ora Paskahan kuwi dhasaré saka Alkitab, sing ngajari manungsa supaya nggunakaké ”kawicaksanan lan kapinteran” ketimbang mèlu-mèlu tradhisiné manungsa. (Wulang Bebasan 3:21, Basa Jawi Padintenan; Matéus 15:3) Senajan Seksi-Seksi Yéhuwah nyritakaké kapercayané bab Paskah marang wong liya, Seksi-Seksi Yéhuwah tetep ngajèni haké wong liya kanggo Paskahan.—1 Pétrus 3:15.