Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Wong Kristen?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Kuwi Wong Kristen?

 Ya. Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi wong Kristen, merga:

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya niru ajaran lan tumindaké Yésus.—1 Pétrus 2:21.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn mung Yésus sing bisa nylametaké, lan ”ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanèsipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita”.—Para Rasul 4:12.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah dibaptis ing asmané Yésus.—Matéus 28:18, 19.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah ndonga lantaran Yésus.—Yokanan 15:16.

  •   Seksi-Seksi Yéhuwah percaya yèn Yésus nduwé wewenang marang kabèh manungsa.—1 Korinta 11:3.

 Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah béda karo wong-wong Kristen liyané. Contoné, Seksi-Seksi Yéhuwah percaya karo Alkitab sing ngajaraké yèn Yésus kuwi Putrané Gusti Allah, dudu bagéan saka Tritunggal. (Markus 12:29) Seksi-Seksi Yéhuwah ora percaya yèn wong nduwé arwah sing tetep urip sakwisé dhèwèké mati. Seksi-Seksi Yéhuwah uga ora percaya yèn Gusti Allah nyiksa manungsa saklawasé ing neraka. Ing Seksi-Seksi Yéhuwah, ora ana jabatan kanggo wong-wong sing mimpin kagiyatan ibadah, sing ngunggulaké wong siji ketimbang liyané.—Kohèlèt 9:5; Yéheskièl 18:4; Matéus 23:8-10.