Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Apa Aku Kudu Mandheg Sekolah?

Apa Aku Kudu Mandheg Sekolah?

 ”Aku ora gelem sekolah.” Apa kowé tau ngrasa kaya ngono? Nèk iya, mungkin kowé tau kepikiran arep mandheg sekolah. Ing artikel iki ana beberapa saran sing isa mbantu kowé.

 Apa sebabé ana sing mandheg sekolah?

 Nurut para ahli, alesané yaiku:

  •   Kangèlan sinau. ’Nilaiku èlèk terus merga aku ora isa ngikuti pelajaran.’

  •   Ora perduli. ’Aku ngrasa nèk sinau kuwi ora penting.’

  •   Masalah ékonomi. ’Aku kudu kerja kanggo nyukupi kebutuhané keluargaku.’

 Pikirna dampaké

 Alkitab kandha, ”Wong kang wicaksana iku nggatèkaké lakuné.” (Wulang Bebasan 14:15) Apa sing isa awaké dhéwé sinaoni? Nèk kowé arep mandheg sekolah, kowé kudu mikirké sik apa akibaté.

 Pikirna:

  •   ’Nèk aku mandheg sekolah, apa sukmbèn aku isa éntuk gawéan?’

     ”Sukmbèn, mungkin kowé kudu kerja lan nyukupi kebutuhané keluargamu. Saiki, akèh gawéan mung gelem nampa paling ora lulusan SMA. Dadi, nèk kowé mandheg sekolah, kowé bakal luwih angèl éntuk gawéan.”​—Julia.

  •   ’Nèk aku mandheg sekolah, apa sukmbèn aku siap ngadhepi masalah sing luwih abot?’

     ”Sukmbèn kowé kudu urusan karo akèh wong, kudu ngadhepi masalah sing angèl, lan nindakké akèh gawéan. Kuwi padha kaya sing mbok alami ing sekolah. Dadi, sekolah bakal mbantu kowé bèn isa siap ngadhepi kuwi.”​—Daniel.

  •   ’Nèk aku mandheg sekolah, apa aku isa nduwé ketrampilan sing tak butuhké?’

     ”Apa sing mbok sinaoni ing sekolah mungkin ora ana gunané saiki. Ning, mengko nèk umurmu wis 23 taun lan kudu ngatur keuanganmu dhéwé, kowé mesthi mikir, ’Untung ndhisik aku sinau matematika.’”​—Anna.

 Sing kudu mbok tindakké

  •   Nggolèka bantuan. Alkitab kandha, ”Manawa juru pirembug [utawa, sing mènèhi naséhat] akèh banjur ana katentreman.” (Wulang Bebasan 11:14) Nèk nilaimu èlèk, njaluka bantuan saka wong tuwa, guru, utawa wong liyané sing isa dipercaya.

     ”Nèk kowé angèl éntuk nilai sing apik, njaluka bantuan saka gurumu. Kadhang awaké dhéwé mikir nèk nilai èlèk kuwi merga guruné. Ning, nèk kowé njaluk bantuané gurumu, dhèwèké mungkin isa mbantu kowé.”​—Edward.

  •   Pikirna manfaaté. Alkitab kandha, ”Wekas-wekasaning prakara iku luwih becik katimbang karo wiwitané.” (Kohèlèt 7:8) Ngrampungké sekolah kuwi ana akèh manfaaté. Kowé ora mung nduwé pengetahuan, ning ya isa nduwé ketrampilan lan sipat-sipat sing berguna.

     ”Pas diwasa, mungkin kowé ora perlu nggarap tugas utawa sinau kanggo ujian. Ning, nèk kowé isa ngatasi strès pas sekolah, kowé bakal luwih siap ngatasi masalah sukmbèn.”​—Vera.

    Mandheg sekolah kuwi kaya mudhun saka prau padahal durung tekan panggoné. Kowé mesthi ora péngin kaya ngono.

  •   Pikirna pilihan liyané. Alkitab kandha, ”Sing sapa kesusu bakal ngalami kecingkrangan.” (Wulang Bebasan 21:5, Basa Jawi Padintenan) Aja mikir nèk pilihanmu mung mandheg sekolah. Kowé mungkin isa mèlu kejar paket utawa homeschooling.

     ”Ing sekolah, kowé isa sinau carané ngrampungké masalah, kerja sama karo wong liya, lan kerja keras. Nèk kowé ngrampungké sekolah, kowé bakal éntuk manfaat sing gedhé.”​—Benjamin.

 Intiné: Kowé bakal luwih siap dadi wong diwasa sing bertanggung jawab nèk ngrampungké sekolahmu.