Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Kanca-Kancaku Nggawé Aku Péngin Nindakké Hubungan Sèks?

Piyé Nèk Kanca-Kancaku Nggawé Aku Péngin Nindakké Hubungan Sèks?

 ”Ana kanca sekolahku sing pernah nindakké hubungan sèks, kuwi nggawé sing liyané ya péngin nindakké sing padha merga ora gelem dianggep anèh.”—Elaine, 21 taun.

 Apa kowé péngin nindakké hubungan sèks merga kétoké kabèh wong wis nindakké kuwi?

 Apa kowé pernah dipeksa nindakké hubungan sèks?

 Isiné artikel iki bakal mbantu kowé bèn isa nggawé keputusan sing bener.

 Pendapaté wong akèh lan faktané

 PENDAPATÉ WONG AKÈH: Kabèh wong wis nindakké hubungan sèks.

 FAKTANÉ: Saka hasil penelitian, loro saka telu cah enom ing Indonesia pernah nindakké hubungan sèks. Kuwi artiné ora kabèh wong pernah nindakké hubungan sèks.

 PENDAPATÉ WONG AKÈH: Sèks isa nggawé kowé lan pasanganmu dadi luwih langgeng.

 FAKTANÉ: Ana cah-cah lanang sing mutuské pacaré sakwisé nindakké hubungan sèks. Kuwi nggawé cah wédok dadi nesu merga ngrasa diapusi. a

 PENDAPATÉ WONG AKÈH: Alkitab nglarang hubungan sèks.

 FAKTANÉ: Wong sing wis nikah éntuk nindakké hubungan sèks.—Purwaning Dumadi 1:28; 1 Korintus 7:3.

 PENDAPATÉ WONG AKÈH: Kowé ora bakal bahagia nèk manut pathokané Alkitab soal sèks.

 FAKTANÉ: Kowé isa kuwatir lan kecéwa nèk nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah. Ning, nèk manut pathokané Alkitab kowé isa luwih bahagia.

 Intiné: Nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah isa dadi masalah.

 Piyé nèk kanca-kancaku nggawé aku péngin nindakké hubungan sèks?

  •   Kudu nduwé kepénginan sing kuwat kanggo nindakké sing bener. Alkitab kandha nèk wong sing déwasa kuwi wong sing nglatih pikirané bèn isa ”mbédakké sing bener lan sing salah.” (Ibrani 5:14) Nèk kowé ngerti sing bener lan nindakké kuwi, kowé ora bakal nyerah senajan dipeksa.

     ”Aku ngupaya nindakké sing bener bèn isa dikenal dadi wong sing apik. Kuwi nggawé aku ora gelem nggawé kesalahan sing isa nggawé réputasiku dadi èlèk.”—Alicia, 16 taun.

     Kanggo dipikirké: Kowé péngin dikenal wong sing kaya apa? Apa kowé gelem réputasimu dadi èlèk merga nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah?

  •   Kudu mikirké akibaté. Alkitab kandha, ”Apa sing disebar wong, ya kuwi sing bakal dipanèn.” (Galatia 6:7) Pikirna akibaté kanggo masa depanmu lan wong liya nèk kowé nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah. b

     ”Nindakké hubungan sèks sakdurungé nikah isa nggawé kowé kecéwa lan ngrasa ora disayangi. Kowé ya isa hamil lan kena penyakit kelamin.”—Sienna, 16 taun.

     Kanggo dipikirké: Ana pitakonan sing apik ing buku Sex Smart, ”Apa kowé gelem kekancan karo kanca-kancamu sing mènèhi pengaruh èlèk?”

  •   Kudu seimbang. Nindakké hubungan sèks kuwi ora salah. Alkitab kandha nèk suami istri isa nikmati hubungan sèks.—Wulang Bebasan 5:18, 19.

     ”Hubungan sèks kuwi hadiah saka Gusti Allah lan mung kanggo wong sing wis nikah.”—Jeremy, 17 taun.

     Kanggo dipikirké: Nèk sukmbèn kowé nikah kowé isa nindakké hubungan sèks. Kowé bakal bahagia merga ora kuwatir, kecéwa, lan wedi dihukum.

a Ora mung cah lanang thok sing meksa pacaré kanggo nindakké hubungan sèks. Akèh cah wédok ya nindakké sing padha.

b Akibat liyané cah wédok ya isa hamil. Terus, nèk kowé nindakké hubungan sèks karo anak di bawah umur kowé isa dihukum.