Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Ngapa Kudu Teka ing Balé Ibadah?

Ngapa Kudu Teka ing Balé Ibadah?

 Seksi-Seksi Yéhuwah ngibadah ing Balé Ibadah seminggu ping loro. Acarané apa waé? Apa manfaaté teka ing kono?

 Acarané apa waé?

 Ing Balé Ibadah, wong-wong ngrembug Alkitab karo carané ngetrapké saran-saran ing Alkitab. Ing kono kowé isa:

  •   sinau soal Gusti Allah.

  •   ngerti makna peristiwa-peristiwa sing lagi kelakon.

  •   nduwé sifat-sifat sing apik.

  •    éntuk kanca-kanca sing apik.

 Ngapa kok kudu teka?

 Sing dirembug ing kono ana manfaaté kanggo kowé. Nèk teka ing pertemuané Seksi-Seksi Yéhuwah, kowé isa éntuk ”kawicaksanan”. (Wulang Bebasan 4:5) Kowé dadi isa nggawé keputusan sing bener. Kowé ya isa éntuk keterangan soal:

 Judhul ceramah ing pertemuan ibadah Setu utawa Minggu misalé:

  •   Apa Sebabé Manungsa Kudu Manut Tuntunané Alkitab?

  •   Saka Endi Awaké Dhéwé Éntuk Bantuan Pas Mangsa kang Rekasa?

  •   Apa sing Wis Ditindakké Kratoné Gusti Allah kanggo Awaké Dhéwé Saiki?

 ”Pas kancaku sak kelas teka ing Balé Ibadah, dhèwèké tak ajak lungguh bareng, terus bukuné ya barengan karo aku. Dhèwèké ngomong nèk seneng banget krungu jawabané para sedulur pas acara tanya-jawab soalé ing gréjané ora ana acara kaya ngono.”​—Brenda.

 Keterangan. Ing Balé Ibadah acarané gratis lan ora dijaluki kolèkte.

 Wong-wong ing kono isa nguwatké imanmu. Menurut Alkitab, nèk teka ing Balé ibadah, awaké dhéwé isa ”padha-padha nguwatké”. (Ibrani 10:24, 25) Awaké dhéwé mesthi seneng isa bergaul karo wong sing ngutamakké Gusti Allah lan ngutamakké kepentingané wong liya.

 ”Biasané bar mulih sekolah, aku ngrasa kesel, terus ora semangat. Tapi ing Balé Ibadah, para sedulur padha nyemangati aku. Makané bar mulih saka kono, aku dadi semangat manèh.”​—Elisa.

 Keterangan. Ana luwih saka 120.000 jemaat Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya lan ana luwih saka 60.000 panggonan ibadahé. Merga sing teka saya akèh, saben taun ana kira-kira 1.500 Balé Ibadah sing dibangun. a

a Bèn isa ngerti panggonan ibadahé, deloken ”Pakumpulan Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah”, terus dudulen ”Golèk Panggonan sing Paling Cedhak”.